Sengkalan
Sengkalan
yaiku panulisan angka taun nganggo tembung utawa ukara. Panulisan sengkalan
diwiwiti nalika pulo Jawa ngadeg. Panulisan sengkalan upamane kanggo mengeti
dina lair, mantenan, ngedegake omah, kedadeyan kang dianggep penting, lsp.
Sengkalan kaperang dadi 2,
yaiku:
-
Candra
Sangkala: panulisan angka taun bulan (Tarikh Komariyah), upamane Taun Jawa.
-
Surya
Sangkala: panulisan angka taun srengenge (Tarikh Syamsiyah), upamane Taun
Masehi.
Nanging ora ana babagan kang wigati kanggo mbedakake Candra
Sangkala lan Surya Sangkala.
Jenising sengkalan ana 2, yaiku:
-
Sengkalan
Lamba: wujude tembung utawa ukara.
-
Sengkalan
Memet: wujude gambar, simbol, prasasti, wewangunan.
Panulisan sengkalan diwiwiti saka mburi (diwalik), tuladha:
-
Pandhawa muksa trus
manunggil = 1905
5 0 9
1
-
Kanthi
pancasila trus manunggal = 1952
2
5 9 1
-
Atmaja hyang
giri nata = 1791
1
9 7 1
-
Karya tan
ngesti warna = 1804
4
0 8 1
Tembung kang nduweni watak angka, upamane:
a.
Angka
1: tunggal, Gusti, janma, semedi, badan, nyata, candra, wiji, lsp.
b.
Angka
2: asta, kalih, swiwi, paksa, gandheng, paningal, soca, kanthi, lsp.
c.
Angka
3: katon, murub, dahana, lir, geni, guna, jatha, nala, kaya, lsp.
d.
Angka
4: catur, warna, warih, udan, karya, segara, wedang, udaya, lsp.
e.
Angka
5: pandhawa, wisikan, gati, guling, raksasa, diyu, jemparing, lsp.
f.
Angka
6: rasa, nenem, oyag, obah, nem, kayu, sad, mangsa, anggana, lsp.
g.
Angka
7: sapta, acala, giri, resi, wiku, titihan, jaran, ardi, biksu, lsp.
h.
Angka
8: astha, esthi, bebaya, kunjara, brahmana, taksaka, tekek, lsp.
i.
Angka
9: bolong, nawa, lawang, kori, arum, gandha, kusuma, lsp.
j.
Angka
0: musna, sirna, ilang, kombul, swarga, tanpa, pejah, mati, lsp.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar