Sujarah Aksara Jawa
Mbiyen ana satriya
jenenge Aji Saka kang nduweni abdi jenenge Dora lan Sembada kang numpak prau
banjur mandheg ing pulo majethi. Aji Saka lan Dora nerusake laku dene Sembada
isih manggon ing pulo majethi sinambi njaga kerise Aji Saka kang ora oleh
dijupuk karo sapa wae, kajaba karo Aji Saka dhewe. Wong loro iku banjur mandheg
ing tlatah Medhang Kamolan kang nduweni panguwasa kejem senengane mangan daging
manungsa. Asmane yaiku Prabu Dewata Cengkar. Nganti warga ing kono padha lunga
ninggalke dhusune supaya ora dipangan rajane.
Nalika ana wong
kanga arep digawa pasukane Sang Prabu kanggo dipangan, Aji Saka banjur nglilake
ragane kanggo nyulihi wong iku. Aji Saka digawa ing kerajaan Medhang Kamolan
madhep Prabu Dewata Cengkar. Sakdurunge dipangan, Aji Saka njaluk sarat menawa
gelem dipangan, Sang Prabu kudu gelem menehake tlatah panguwasane kang ambane
kaya surbane. Sang Prabu nyaguhi sarat iku amarga dianggep gampang mung ambane
saksurban. Nanging sakwise surban iku diulur karo Sang Prabu, suban ambane
nganti tekan segara. Kanthi cukat trengginas Aji Saka ngipatake surban sahingga
Prabu Dewata Cengkar kontal mlebu segara. Para warga padha seneng lan nitahake
panguwasa kerajaan Medhang Kamolan marang Prabu Aji Saka. Anggone mimpin para
kawulane, Sang Prabu kanthi tresna welas asih, tentrem, mulya.
Sawetara wektu,
Aji Saka kelingan marang abdine yaiku Sembada kang dititipi keris pusaka.
Banjur Aji Saka ngutus Dora supaya njupuk keris ing pulo majethi. Dora ketemu
Sembada, nanging Sembada ora gelem menehake keris marang Dora amarga kelingan
menawa yen sing njupuk keris kudu Aji Saka dhewe. Pungkasane wong loro iku
padha prang tandhing kang kekarone padha kenceng kekarepane manut karo Aji
Saka. Dora setya ing utusan, dene Sembada setya ing tanggel jawab njaga keris.
Sawise Dora
ninggalke kerajaan Medhang Kamolan, Aji Saka kelingan apa kang wis dikandhake
marang Sembada, menawa sing njupuk keris Aji Saka dhewe. Prabu Aji Saka banjur
nyusul menyang pulo majethi, kuwatir mbokmenawa ana kedadeyan sing ora-ora.
Tekan pulo majethi, dheweke nemokake abdi kinasih Dora lan Sembada wis katekan
marganing pati. Kanggo pangeling-eling marang abdine kang setya tuhu marang
dheweke, banjur Aji Saka nganggo kerise ngukir watu kang tulisane Aksara Jawa.
Ha Na Ca Ra Ka = ana carita / utusan
Da Ta Sa Wa La = ana perkara
Pa Dha Ja Ya Nya = padha sektine
Ma Ga Ba Tha Nga = padha mati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar