www.NyengkuyungJawa.blogspot.com

www.erjuz.blogspot.com



Jeneng Panggonan

1.      Alas: panggonan wit-witan, thethukulan, kewan.
2.      Alun-alun: plataran amba ing satengahing kutha.
3.      Babadan: panggonan sing wis dibabadi.
4.      Balapan: papan kanggo adu balap.
5.      Bale Mangu: kanggo ngadili wong luput.
6.      Bango: kanggo dodolan.
7.      Bangsal: kanggo pasamuwan.
8.      Besalen: kanggo mandhe.
9.      Benteng: tembok gedhe dhuwur kanggo nahan mungsuh.
10.  Bong: kuburan Cina.
11.  Bothekan: wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak.
12.  Bubat: kanggo adu samubarang.
13.  Cangkruk: kanggo njaga kampung.
14.  Clunthang: wadhah jangkrik.
15.  Endhong: wadhah panah.
16.  Epok: wadhah kinangan.
17.  Esong: growongan ing pinngir kali utawa panggonane landhak.
18.  Gadhen: kanggo nggadhekake barang.
19.  Gayor: kanggo nyanthelake gong.
20.  Gedhogan: kandhang jaran.
21.  Gedhong: omah gedhe kanggo pasamuwan.
22.  Gerdhu: papan kanggo njaga.
23.  Glodhogan: kanggo omah tawon.
24.  Gowok: growongan ing wit kanggo nyusuh manuk.
25.  Gereja: papan sembahyang wong Kristen.
26.  Grobog: kothak kayu gedhe kanggo nyimpen barang.
27.  Gubug: papan kanggo njaga tanduran.
28.  Gudhang: kanggo nyimpen barang.
29.  Gupit Mandragini: kanggo sarene raja / ratu.
30.  Hotel: omah sewan kanggo nginep.
31.  Iyan: wadhah kanggo ngeler sega
32.  Jodhang: grobog sing dipikul isine werna-werna panganan.
33.  Jumbleng: kakus kanggo mbuwang regedan.
34.  Jun: wadhah banyu kanggo ngangsu.
35.  Kabupaten: daleme bupati pemerintah daerah.
36.  Kadhaton: daleme ratu.
37.  Kandhang: omah ngingu kewan.
38.  Kanthong: sak ing klambi / clana kanggo ngesaki barang.
39.  Kanthongan: kanggo ngadhahi barang-barang.
40.  Kantor: papan kanggo nyambut gawe lan ngurusi samubarang kaperluwan.
41.  Klentheng: kanggo sembahyang wong Cina.
42.  Klenthing: wadhah kanggo nggolek banyu.
43.  Kombong: kandhang bebek, pitik, lsp.
44.  Krangkeng: kandhang kewan sing digawe saka wesi.
45.  Kranjang: wadhah kang digawe saka pring dienam.
46.  Kraton: daleme ratu.
47.  Kuburan: kanggo ngubur wong mati.
48.  Kuncung: omah cilik ngarepe pendhapa.
49.  Kurungan: kanggo ngingu manuk, pitik, lsp.
50.  Langgar: omah cilik kanggo sembahyang wong Islam.
51.  Lemari: kanggo nyimpen sandhangan / barang.
52.  Leng: bolongan cilik omah semut, rayap, lsp.
53.  Loji: omah apik tinggalane Landa.
54.  Lumbung: kanggo nyimpen pari.
55.  Menara: papan dhuwur kanggo pepeling.
56.  Mesjid: omah gedhe kanggo sembahyang wong Islam.
57.  Pacrabakan / Padhepokan: panggonan pandhita utawa papan pamulangan.
58.  Padaringan: wadhah nyimpen beras.
59.  Padasan: kanggo wudhu.
60.  Paestren: sawah pinggir kali.
61.  Paga: kanggo nyimpen bekakas pawon.
62.  Pagagan: lemah ditanduri pari gaga.
63.  Pagajih: lemah sing dumadi saka walede kali.
64.  Pagupon: omahe dara.
65.  Paidon: wadhah idu.
66.  Pakunjaran: panggonan kanggo ngunjara wong kang luput.
67.  Pamulangan: kanggo mulang wuruk / sekolahan.
68.  Panepen: kanggo semedi, tapa, lsp.
69.  Pantisari: omah cilik ing tengahing patamanan.
70.  Papon: wadhah apu / enjet.
71.  Pasanggrahan: panginepan ing sajabaning kutha.
72.  Pasar: kanggo dodolan utawa tetuku.
73.  Pasetran: papan kanggo mbuwang bangke.
74.  Patamanan: lemah sing ditanduri kekembangan.
75.  Patapan: omahe pandhita utawa kanggo tapa.
76.  Pawon: perangan omah sing kanggo olah-olah.
77.  Payudan: panggonan jembar kanggo adu perang.
78.  Pekarangan: papan sakiwa tengen utawa mburi omah.
79.  Pelabuhan: kanggo mandhege prau, kapal.
80.  Pelataran: lemah sangarepe omah.
81.  Pendhapa: perangan omah ngarep kanggo pasamuwan.
82.  Pesantren: papan kanggo mulang wuruk para santri.
83.  Pesisir: pinggir segara.
84.  Petarangan: kanggo ngendhoge pitik.
85.  Pinihan: lemah kanggk ndhedher winih tanduran.
86.  Plangkan: papan kanggo ndeleh tumbak, payung, lsp.
87.  Plegungan: kanggo lerene sapi sing eyup.
88.  Ploncon: kanggo tumbak, teken, lsp.
89.  Pluwang: luwang kanggo masangi kewan alas.
90.  Pomahan: pekarangan sing didegi omah.
91.  Pondhok: omah kanggo mondhok, ngaji santri.
92.  Pragen: wadhah uyah utawa bumbu.
93.  Pranji: kandhang pitik.
94.  Ranggon: gubug ing alas kanggo leren utawa njaga kewan.
95.  Rong: leng gedhe omah tikus, yuyu, ula, lsp.
96.  Rumah Sakit: papan kanggo ngrumat wong lara.
97.  Sanatorium: papan kanggo nambani wong lara TBC.
98.  Sanggar: papan kanggo gladhen, semedi.
99.  Sawah: lemah kanggo nandur pari, tebu, kedele, lsp.
100.          Segaran: tetiron segara kanggo ngingu iwak.
101.          Sekolahan: papan kanggo sinau, mulang wuruk.
102.          Selon: wadhah bumbu utawa trasi.
103.          Senthong: perangan sajroning omah kanggo turu, ndeleh barang.
104.          Setasiun: papan kanggo mandhege sepur.
105.          Setren: sawah ing pinggir kali.
106.          Slepen: wadhah rokok, klobot, mbako.
107.          Sudhung: grumbul omahe celeng.
108.          Susuh: omahe manuk, tikus, bajing, lsp.
109.          Tala: omahe tawon.
110.          Talun: panggonan ing pagunungan.
111.          Tambak: papan kanggo ngingu iwak.
112.          Tangki: wadhah lenga, gas, lsp.
113.          Tangsi: papan panggonane tentara.
114.          Tegalan: lemah sing ditanduri palawija.
115.          Tobong: panggonan kanggo ngobong gamping.
116.          Tulang: kothak cilik kanggo adu jangkrik.
117.          Warung: papan kanggo dodolan panganan.
118.          Wihara: panggonan sembahyang wong Budha.
119.          Wrangka: kayu wadhah keris utawa tumbak.

Tidak ada komentar: