Paribasan
Paribasan
yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa
pepindhan.
Tuladha
:
1.
Adigang, adigung, adiguna :
ngendelake kekuwatan, kaluhuran, kapinteran.
2.
Durung pecus keselak becus :
durung sembada kepengin sing ora-ora.
3.
Kuncung nganti gelung :
wiwit cilik nganti tekan gedhe.
4.
Njalukan ora wewehan :
gelem njaluk nanging ora gelem menehi.
5.
Ketula-tula ketali :
tansah nandhang reribed.
6.
Giri lusi janma tan kena ininga : sapadha-padha
ora kena ngasorake.
7.
Yuwana mati lena :
wong becik nemu cilaka amarga kurang waspada.
8.
Busuk ketekuk, pinter keblinger : sing
bodho lan sing pinter padha-padha nemu cilaka.
9.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : tansah raharja kali sing sambekala.
10.
Sluman-slumun slamet :
sanadyan ora waspada nanging tansah slamet.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar