Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg pangangone, mawa
teges entar, ngemu surasa pepindhan (sipat utawa kahanan).
Tuladha :
1. Lahang karoban manis : wong kang
rupane bagus / ayu lan becik bebudhene.
2. Nabok nyilih tangan : menehake
pegaweyan kang ala sarana kongkonan.
3. Kocak tandha lukak : wong kang
sugih omong.
4. Ceblok alu : wong loro nandangu
pegaweyan kanthi gentenan.
5. Ora uwur ora sembur : ora menehi
apa-apa kanggo sanguning urip.
6. Nututi layangan pedhot : ngupaya
samubarang kang wis ilang utawa wis ora gathuk maneh karo rekasane.
7. Nglungguhi klasa gumelar : mung
nemu kepenak kabeh wis sarwa ana.
8. Kerot tanpa untu : duwe
kepenginan nanging ora ana ragade.
9. Idu didilat maneh : mbalekake
kasaguhane.
10. Pandengan karo srengenge :
lelawanan karo wong duweni panguwasa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar