www.NyengkuyungJawa.blogspot.com

www.erjuz.blogspot.com



Paragrap




 1.    Wacana Eksposisi
      Wacana eksposisi yaiku salah sawijining wacana kang mbudidaya ngandharake pokok pikiran ing bisa njembarake wawasan utawa pangertene kang maca. Supaya luwih cetha biasane digenepi nganggo grafik, utawa gambar. Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabarake kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiyatan, methode, cara lan proses dumadi sawijining kedadeyan utawa bab, tuladhane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu, lan sapanunggalale.
Jinising wacana eksposisi :
§   Proses
§   Tuladha
§   Sebab akibat

       Carane nulis wacana eksposisi yaiku :
§   Nemtokake underane perkara uatawa tema
§   Nemtokake tujuwan
§   Ngumpulake data saka maneka sumber
§   Nyusun cengkorongan utawa kerangka kang cocog karo tema sing dipilih
§   Ngrembakake cengkorongan utawa kerangaka dadi wacana eksposisi.

            Tuladha :

Gawe Sabuk Kulit

Kawitan, kulit digelar kanthi perangane daging ing ngisor lan perangan njaba ing dhuwur (mengkurp). Kulit banjur digaris kanthi ukuran dawa 75 cm lan amba 3 cm. Sakbanjure sawise entuk rong potongan kulit,  banjur perangan njero diwenehi lem nganti warata, nanging aja nganti kekandelen. Sawise lem warata, kulit banjur ditempelake kanthi model kang dikarepke (lancip apa papak). Sakbanjure sabuk dicet, kuase spon utawa kain alus. Rampung dicet terus dijahit ngangge benang nilon. Kang pungkasan masang timang/gesper.


 2.    Wacana Narasi
        Wacana  narasi yaiku  karangan kang nyritakake saweneh prastawa kanthi runtut, jlentreh, ceritane kronologis, cetha paraga lan latare darta alure.
       Ancase karangan narasi yaiku nritakake pengalaman uripe wong ing saperangan wektu utawa bisa uga karangan kang minangka asiling rekadaya pikirane pengarang. Mula supaya bisa nggambarake kaya kasunyatane ing karangan narasi kudu an paraga, papan, swasana, urutan  kedadeyan  lan sapanunggalane.

Ciri-ciri wacana narasi yaiku
§  Ceritane runtut
§   Ana alure
§  Ana paragane 
§  Ana tumindak ing sajroning crita
§  Crita mau ditindakake ing sajroning wektu      

Wacana narasi ana 2 werna :
§  Narasi ekspositoris yaiku narasi kang duwe ancas menehi ngerti para pamaos supaya tambah pangertene.
§  Narasi  sugestif yaiku narasi kang nyritakake surasa utawa makna lumantar pangangen-angen utawa imajinasi.


            Tuladha :

Pasulayan

Wanci jam 08.00 Budi lungguh ing cakruk ngarep SMP Trenggana, kang mapan ing dalan Belik. Kamangka wektu iku sekolahe ora libur. Jan-jane Budi ya nganggo sragam putih klawu nganggo bedge SMA Trunajaya. Sajake ana kang dienteni. Panyawange sajak ora jenak, noleh ngiwa nengen, kala-kala mundhun saka lungguhan.
Ora let suwe Angga karo kancane teka lan nusul lungguh ing cakruk. Bocah kang lagi teka mau cacahe ana papat yaiku : Angga, Deden, Caca lan Doni, kabeh murid SMA Bintang Timur lan ya padha nganggo seragam putih klawu. Ora ngerti karepe, ngapa bocah lima mau padha nglumpuk ing cakruk mau, kamangka wektu iku sekolahane ora libur.
Kira-kira jam 08.00 bocah lima padha gegojegan, ndadhak  nganggo jorog-jorogan. Budi kejengkang lan kecemplung kalen nganti sepatune kang isih anyar gupak blethok. Bareng Budi kecemplung kalen, Angga mundur karo ngguyu lakak-lakak sajak ngece.
Wusanane Budi dadi runtik atine. Semono uga Angga rumangsa dilarani nuli mbales njotos Budi. Lan padha antem-anteman. Angga katon kuwalahan nampani antemani Budi. Kancane kang bebarengan teka mau padha ngrewangi Angga ngantemi Budi.

 3.  Wacana Argumentasi
   Argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi pola pikire wong liya supaya pada karo apa kang dikarepake penulis. Kanthi mbeberake bukti lan kasunyatan, penulis mbudidaya supaya wong kang maca percaya lan manut tumindak jumbuh karo apa kang dikarepake.
Titikane wacana argumentasi :
1.                          Ngupaya gawe pamaca percaya
2.                          Basane gampang dingerteni
3.                          Mbuktekake panemu

Cak-cakane nulis wacana argumentasi :
1.      Milih topik/ bakune rembug
2.      Nemtokake tujuwan
3.      Nyusun cengkorongan/ kerangka
4.      Ngembangake cengkorongan
5.      Nemtokake irah-irahan/judul

Tuladha :

Jejodhoan

Patrap tiyang jejodhoan ing jaman rumiyin kaliyan sakmenika tebih sanget bentenipun. Ing kinanipun, wonten sawetawis tataran lampah-lampah tinamtu ingkang tansah dipun ugemi masyarakat Jawi. Rikala semanten pasrawungan antawisipun jaler lan estri tasih kawengku sakatahing pranatan kasusilaan sarta budaya ingkang tasih dipun junjung. Boten mokal lare jaler lan lare estri ingkang badhe sesemahan kepara dereng sami tepang.
Nalika nglamar, limrahipun panglamar katindakaken lumantar utusan ingkang kinanthenan sawetawis sedherek utawi kadang saperlu hanyekseni atur panembung. Reroncen atur panembung miwah serat penglamar nedahaken bilih budaya Jawi sanget anggenipun ngurmati hak-hakipun tiyang sanes, ugi sipat legawa nalika dereng sedyaning penglamar  dereng saged kasembadan utawi dipuntulak.
Sasampunipun tataran lampah menika, nuli patrap ijab, panggih, sarta mangun suka utawi resepsi. Menawi dipunjangkepi sasampunipun gangsal dinten anggenipun panggih kawontenan sepasaran, utawi bilih tiyang sepuhipun lare jaler badhe mujudaken raos suka sukur saged kawontenaken ngundhuh mantu. Tataran lampah-lampah ing patrap jejodhoan miturut budaya Jawi ingkang kados mekaten tamtunipun ketingal njlimet tumrap lare ing jaman sakmenika.
Sanajan mekaten, patrap jejodhoan miturut budaya kalawau yektinipun ngandhut piwulang luhur. Ing antawisipun babagan sesrawungan antawisipun lare jaler dan lare estri ingkang dereng sesemahan, ingkang ing jaman sakmenika sampun terang-terangan anggenipun runtang-runtung tebih saking pranatan kasusilan, budaya, langkung malih ing paugeran agami. Patrap jejodhoan ing jaman kina ugi ngandhut piwulang bektinipun lare ingkang tansah ngurmati tiyang sepuhipun nalika lare kalawau kepengin badhe sesemahan.



 4.  Wacana Deduktif : ukara baku manggon ing ngarep     

Kabeh warga melu kerja bakti ngadhepi dina kamardikan. Nyatane, warga RT 02/RW XIV ana bapak-bapak akehe 20 kang padha metu saka omah lan reresik dalan, dene kang 6 jejering randha ya lumrah yen ora melu kerja bakti. Warga RT 01 / RW XIV sajake dipontho-pontho dadi telu, ana kang ngecet gapura, ana kang ngresiki slokan lan ana kang babat-babat suket ing lapangan. Dene warga RT 03 / RW XIV padha reresik lapangan basket.

 5.   Wacana Induktif : ukara baku manggon ing mburi

Kanggo ngadhepi pengetan dina kamardikan, warga RT 02/RW XIV ana bapak-bapak akehe 20 kang padha metu saka omah lan reresik dalan, dene kang 6 jejering randha ya lumrah yen ora melu kerja bakti. Warga RT 02/RW XIV sajake dipontho-pontho dadi telu, ana kang ngecet gapura, ana kang ngresiki slokan lan ana kang babat-babat suket ing lapangan. Dene warga RT 03/RW XIV padha reresik lapangan basket. Mula bisa diarani kabeh warga melu kerja bakti ngadhepi dina kamardikan.

Tidak ada komentar: