Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar,
ngemu surasa pepindhan (wonge).
Tuladha :
1. Gajah ngidak rapah :
wong kang nglanggar wewalere dhewe
2. Kemlandheyan ngajak sempal :
sanak sadulur ngajak karusakan.
3. Kebo nusu gudel :
wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
4. Bebek mungsuh mliwis : wong pinter mungsuhan karo wong pinter nanging sing siji kalah trampil.
5. Cengkir ketindhihan kiring :
wong kang kalah prabawa amarga kalah tuwa.
6. Jati ketlusuban ruyung :
gegolongane wong apik klebon wong ala.
7. Bathok bolu isi madu :
wong asor nanging kebak kaluwihane.
8. Kutuk marani sunduk :
wong kang nyedhaki marang kacilakaan.
9. Lahang karoban manis :
wong kang ayu / bagus lan beci bebudene.
10.
Asu gedhe menang kerahe : wong
panguwasa yen padudon karo wong cilik mesthi menang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar