Wayang
Karipta Karana Isi Piwulang Luhur
Lan
Budaya Adi Luhung Tumrap Bebrayan
Padha
wis kawuningan dening warga Indonesia, lan warga Internasional menawa wayang
mono klebu asiling budaya becik sing dilakoni dening UNESCO, ateges dilakoni
wong sajagad. Wayang kuwi saka tembung wewayangan (basa Indonesiane bayangan), kang mengku karep menawa
wataking manungsa bisa dideleng saka werna-wernaning watake manungsa kang
digambarake ing WAYANG.
-
Ana sing watak alus,
ruruh kayata Arjuna, Ramawijaya, Lesmana Widagda, Abimanyu, Irawan
-
Ana sing watak
brangasan (cepak nesune) kayata Rahwana / Dasamuka, Bala Dewa, Kakrasana lan
para buta
-
Ana sing watak
drengki, srei, jail, methakil kayata Sengkuni, Bathari Durga, kalebu bala buta
-
Ana sing watak sabar
kayata Yudhistira / Puntadewa, Abiyasa, Sembrada, Sinta
Kuwi
mau tuladha sautara jalaran wataking menungsa kuwi uga akeh banget. Kejaba kuwi
wujud wayang ya werna-werna kurang luwih 200 nganti 300-an wayang sak kothak
uga ora ana sing padha. Kayadene wataking manungsa sakjagad uga beda-beda.
Ora
mung kuwi, jalaran wayang uga ngemu filsafat luhur sing nggambarake supaya para
manungsa milih dalan sing bener lan utama. Anggone nata wayang wae kapisah
antarane sing watak ala ditata ing kelir sisih kiwa, sing watak bener, becik,
utama ditata ana kelir sisih tengen. Bisa uga minangka giyaran, dakwah, pitutur
sing jumbuh karo wataking wong lan filsafat Pancasila.
Malah bisa dadi gambaran jagad sak isine, amarga bangsa kita
akeh sing percaya menawa jagad kuwi werna loro Makro Kosmos lan Mikro Kosmos,
jagad gedhe (alam samegung / semesta / lan alaming saben wong).
Sing katon cetha wela-wela yakuwi pagelaran wayang nyakup
sak ora-orane 7 kesenian. Tembung kesenan uga diarani kagunaan adi luhung, ing
wayang mesthi ana :
1. Seni
lukis wujude kagunaan sunggungane, tatahane lan warnaning cet ing wayang
2. Seni
pahat / sungging, tatahan blegere saka walulang diukir-ukir ngremit, dadi endah
3. Seni
swara (vokal), dhalang, sindhen, swarawati lan wira swara
4. Seni
musik : gamelan sakprangkat sing dienggo ngiringi (rengga swara) pagelaran
wayang
5. Seni
drama : enggone guneman wayang siji lan sijine, nalika padu, trenyuh, sedhih,
semangat, nangis, perang lan liyane
6. Seni
tari (beksa) : yakuwi polahe wayang, jogede, lakune, manut irama gendhing /
gamelan
7. Seni
sastra : basa sing dienggo guneman anta wacana
Mula becike para siswa lan nom-noman, para mudha padha
seneng nonton wayang supaya saya tepung karo wataking wayang, sokur bage yen
padha duwe “idola”, wayang sing dadi panutan jalaran saka tumindake sing becik,
bener lan utama.
Kuwi
kabeh duweke wong Jawa / Indonesia, apa duwekmu sing digumuni dening wong
mancanegara arep kok ilang-ilang. Mangka PBB anggone ngakoni kanthi paten,
amarga wayang bisa dadi tontonan lan tuntunan (hiburan lan pendidikan). Coba tandhingake
karo tontonan negara liya, endi sing paling garep dadi pendhidhikan karakter,
paling trep migunakake wayang. Ayo wiwit saiki tresnana budayamu dhewe kalebu
WAYANG supaya saben pemudha duwe salah sijine wayang “idola” merga watak becik
lan tumindak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar