Tradisi
Sekaten
Mapan ing alun-alun lor Kasultanan
Ngayogyakarta Hadiningrat saim digelar Pasar Malam Sekaten. Sejatine anane
sekaten pancen gagyutan karo wiyosane Nabi Muhammad SAW. Sarana kanggo siar
Islam, tembung sekaten dipercaya asale saka tembung Syahadatain, sabanjure
kedal lesane wong Jawa dadi sekaten.
Miturut crita turun temurun, sekaten pancen raket
banget karo syiar Islam. Dening para wali luwih-luwih Sunan Kalijaga, apa maneh
panjenengane pancen kagungan kersa ajak-ajak ngrasuh Islam kanthi ngliwati cara
kebudayaan. Tradisi sing wis laras karo agama tetep dienggo. Dene tradisi kang
cengkah diowahi mbaka sethithik.
Kanthi sabar lan wicaksana, Sunan Kalijaga nyebarake
Islam. Amarga sikep mau, sebanjure para warga banjur padha ngrasuk agama Islam
kanthi ikhlas lan rila legawa. Ya nganti saiki sekaten pancen tetep terus
dipepetri lan diuri-uri. Pahargyan sekaten mesthi ditutup kanthi Grebeg.
Grebeg mau wujud metune gunungan saka Kraton tumuju marang
Masjid Gedhe kauman. Grebeg kuwi tansah di antu-antu lan entuk kawigaten dening
ewonan warga masyarakat. Kajaba ana sing mung nonton, uga akeh sing padha melu
ngrayah gunungan, saperlu padha ngalap berkah.
Adat sabene Grebeg Mulud digelar ngepasi karo
pengetan miyose Nabi Muhammad SAW, dene ing taun 2008 tiba dina Kemis Paing
tanggal 12 Mulud, taun Jumawal 1941. Ing pahargyan sekaten iki uga ditabuh
gamelan mligi sing aran Gamelan Nyai Sekati. Dening Sunan Kalijaga iki kanggo
sarana ngumpulake para warga ing ngarep mesjid. Dene taun iki gamelan ditokake
saka kraton tumuju masjid nalika malem Jumuah Legi 15 Maret 2008. Dene gamelan
kang kanggo mahargyan Maulud Nabi aran Kyai Guntur Madu ing mapan ing Pagongan
Kidul, ing pagongan lor dienggoni gamelan Kyai Nagawilaga. Gamelan loro kuwi
tetep ditabuh sajrone seminggu suwene.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar