www.NyengkuyungJawa.blogspot.com

www.erjuz.blogspot.com



                      CRITA RAKYAT
                   Crita rakyat yaiku sawijining prosa lawas sing urip ing masyaraakat lan anggone nyebarake turun-temurun nganggo basa lisan. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka warna kahaanaan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita paamancing impen llan sapiturute. Tumpraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti amarga ana ing sajroning critaa kasebut akeh pesen-pesen moral kang bisa dadi lantaran nandurake budi pekerti luhur tumprap bocah-bocah.
                  Titikane crita rakyat  yaiku :
§  panyebarane kanthi lisan,
§  duweni sifat tradisional,
§  sugih cakrek lan variasi, jenenge pangripta ora konangan,
§   wangune tiron (klise) ana ing susunan/cara pangungkapane. Cerita rakyat duweni unsure-unsur intrinsik kayata : tema, latar, paraga, alur lan pesen.
           Manpangat cerita rakyat yaiku :
§  Manpangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan
§  Manpangat didaktif yaiku ndidik paraa kaang maca amarga nilai-nilai kebeneran lan keapikan kang aanaa ing sajroning crita
§  Manpangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendaahan
§  Manpangat moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang aapik lan elek
§  Manpangat religius yaiku ngandhut ajaraaning agamaa kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca

                Tuladha

                                                               JAKA SANGKRIP

       Asma timure Jaka Sangkrip, kalebu bangsawan Mataram. Mijil panutan saka Demang Mawar klawan Nyi Puger. Amarga nandhang sukerta gerah pathek & gudhig, piyambake nglalu. Ngumbara menyang sedhengah papan nggoleki marganing pati. Papan sing angker lan wingit mesthi diparani, suprihe supaya dibadhog kewan galak utawa dimangsa dhemit, buta bekasakan sing gelem mangan uwong. Anggone ngumbara ngulon parane. Dene papan sing diparani isih tlatah Mataram kayata : Kebumen, Wonosobo, Purworejo, Magelang lan Temanggung; malah tau nganti tekan Banyumas lan Cilacap. Katitik yen arep ana jemenengan raja-raja Mataram, para punggawa kraton mesthi kautus supaya ngupadi lan methik Sekar Wijaya Kusuma. Kembang mau mung dumunung ing pinggir gisiking Samodra Hindia ya ing Pulo Nusakambangan iring kidul. Goteke wong akeh kembang mau gaib, merga cat katon, cat ora. Dene pigunane kanggo njangkepi sumping makutha para raja Mataram kang lagi jemenengan mau.

Tidak ada komentar: