Wara-wara
Pengumuman /Wara-wara pancen beda
karo iklan utawa pawarta. Iklan asipat komersil tegese golek bathi, dene
pawarta asipat informative, isine ngabarake marang khalayak umum. Wara-wara uga
ngabarake marang khalayak umum nanging luwih wigati ngajak-nagjak nyengkuyung
apa kang diwartakake utawa asipat persuasive. Wara-wara minangka pretelan kang
martakake saweneh kagaiatan, isine cekak aos sarta nganggo basa kang cetha,
gamblang lan gampang ditampa.
Perangan wara-wara kang
baku yaiku :
§ Pambuka/bebuka
§ Surasa basa/ isi
§ Wasana basa/ panutup
§ Papan lan titi mangsa
§ Peprenah
§ Tapak asma
§ Asma terang
Tuladha :
Wara-wara OSIS
No. 08/4.A/OSIS/2020
Kanggo
mahargya ambal warsa SMA Taruna Bakti kang kaping-15, OSIS bakal atur
pambiyantu piranti sekolah lan sandhangan prasaja marang panti asuhan “Mulia”
ing Semarang. Awit saka iku, kanggo para siswa sing bisa melu kumpul :
dina :
Selasa
tanggal : 21 April 2020
papan :
Aula SMA Taruna Bakti
jam :
10.00 WIB
Matur
nuwun awit kawigatene. Sing maca wara-wara iki bisa ngumumake marang kanca liya
kang durung ngerteni. Matur nuwun awit kabeh pambiyantu lan kawigatene.
Semarang, 12 April 2020
Pembina OSIS
Juminten Kusumaningati, Ph. P
Tidak ada komentar:
Posting Komentar