Jagad Ngakoni Yen Bathik Kuwi Pancen
Darbeke Indonesia
Polemik ngenani bathik wis tamat. Negara ngendi wae,
Malaysia, Hongkong, utawa China kena wae ngeklaim bathik minangka asli
kabudayane, nanging UNESCO akhine ngakoni bathik minangka warisan karya asli
Indonesia. Bebungah lan pengaji-aji dipasrahake ing Abu Dhabi, Uni Emirat Arab,
dhek 2 Oktober 2009 yakuwi nalika dina Jumat Pon.
Ya karana kuwi mula Presiden Susilo Bambang Yudhoyono
ngendika kanthi Deklarasi menawa saben tanggal 2 Oktober 2009 lan sateruse
saben tanggal 2 Oktober dadi “HARI BATIK NASIONAL”.
Bathik Indonesia darbe tehnik lan simbul budaya kang dadi
identitas rakyat Indonesia wiwit lair nganti nilar donya. Bathik kanthi corak
padinan bisa dienggo ing saben dina. Ana uga bathik kanggo ing upacara
temanten, tingkeban, utawa pagelaran seni. Malah ana bathik kanggo upacara
ritual adat Jawa. Bathik saiki uga wis klebon pangaruh budaya manca upamane :
kaligrafi saka Arab, phonix saka Cina, Cherry saka Jepang, merak saka India lan
Persia. Dadi kejaba sipate internasional, nanging asline tetep asal saka
Indonesia. Becike negara kita saya nggrengsengake busana bathik iki, ngiras
pantes kanggo ngundhakake pametune warga Indonesia.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar