Sesorah
Yaiku njlentrehake tembung-tembung
ing ngarepe wong akeh kanthi ancas menehi informasi, menehi kawruh, pangak
tumindak kang becik.
@
Kang digatekake nalika sesorah :
1. Wiraga : awak ngadeg jejeg, asta ngapurancang,
pasuryan sumeh, ulat ningali kang disesorahi.
2. Wirasa : ngrasake pocapan kang diwedharake.
3. Wirama :
pocapan nggatekake seru lirih, alon banter, mendat mentul.
R Metodhe Sesorah :
1. Metodhe Teks / Naskah : sesorah kanthi maca
teks / naskah.
2. Metodhe Apalan : sesorah kang wis digawe banjur
diapalake.
3. Metodhe
Ekstemporan : sesorah kang mligi nggawe
cathetan cilik minangka rengrengan / pangeling- eling lan sakbanjure
miturut kawruhe dhewe.
4. Metodhe
Impromptu (dadakan) : sesorah kang dilakoni ora kanyana-nyana miturut ngelmu lan kawruhe
1.
Tuladha Sesorah Pambagyaharja
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para pepundhen, para sepuh
pinisepuh ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja, para
satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha mudha ingkang
bagya mulya, saha para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana.
Keparenga kula mambeg anggen
panjenengan sadaya katemben wawan pangandikan, karana kula piniji Bapak …
sekaliyan, kinen ngaturaken wudharing gantha babaring sedya, raos suka ebahing
manah bingah saha lekasing sedya wigatosaing gati ing kalenggahan punika.
Minangka purwakaning atur langkung
rumiyin sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken atur puji sukur wonten
ngarsa dalam Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barkah
ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula saengga maksih saged
kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Para lenggah ingkang sinuba ing
pakurmatan, madyaning wiwahan punika Panjenenganipun Bapak … sekaliyan lumantar
kula ngambali ngaturaken sugeng rawuh sinarengan raos panuwun ingkang tanpa
pepindhan, kasuwun tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih,
wondene lekas wekasing sedya wigatosing gati kula aturaken ing mriki, nadyan
panjenengan sadaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing
palenggahan punika ingkang sampun sinerat ing kintaka wara punapa dene jawilan.
Nun inggih netepi darmaning asepuh Bapak … sekaliyan ing kalenggahan punika
mahargya suta hamiwaha siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun ingkang sesilih
namipun Rara … kaleksanan dhaup kaliyan Bagus … priya tanaya panjenenganipun
Bapak … sekaliyan ingkang pidalem ing … ingkang sampun kalampahan ijab miturut
satataning adat kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambelaka, ingkang
punika panyuwunipun Bapak … (ingkang mengku gati) wonten ngarsa panjenengan
sadaya mugi wontena lilaning panggalih para tamu kakung putri paring jurung
puja hastawa puji hastuti dhumateng temanten sarimbit anggenya badhe gesang
wonten ing alam bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang
jinangka basuki kang kaesthi.
Para lenggah kakung putri ingkang
satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged
kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak kadang pawong mitra
langkung-langkung para warga RT … ingkang punika hambok bilih Panjenenganipun
Bapak … (ingkang mengku gati) mboten saged mangsulaken karana lahir, amung
kasumanggaaken wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung mugi sih kadarman
panjenengan dadosa ngamal kesaenan.
Para tamu kakung putri ingkang
pantes sinudarsana Bapak … sekaliyan lumantar kula tansah hanglenggana budi
dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi kerawuhan
panjenengan sadaya, kiranging tanggap tangguh gupuh mugi diagung pangaksama,
mboten kekilapan dhumateng para kadang mudha taruna anggenipun kiranging suba
sita lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sadaya.
Ing wasana minangka peputoning aturipun
Bapak … sekaliyan lumantar kula hambok bilih wonten kiranging boja miwah krama
mugi para tamu ngluberaken samodra pangaksama ingkang agung, kula minangka
talanging basa kathah atur kula ingkang mboten hanuju prana labet kula ugi
hanglenggana kiranging seserepan miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita,
basa tuwin sastra, kula amung tumadhah lubering pangaksama, salajengipun wekdal
kula aturaken wangsul dhateng kadang
pranatacara.
Akhirul kalam, Wassalamu’alaikum Wr. Wb
2.
Tuladha Tanggap Wacana Ing Pakempalan Karang Taruna
Assalamu’alaikum
warahmatullahi wa barakatuuh
Bapak-bapak
saha ibu-ibu ingkang kinurmatan, Adhik-adhik mudha-mudhi anggota karang taruna
Kampung / Dhusun Mlathi ingkang kula tresnani.
Sadaya
puja-uji syukur konjuk ing pangarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, awit
kita sedaya sampun saged makempal ing papan panggenan ngriki saperlu angadani
pepanggihan mudha-mudhi.
Inggih
punika sadaya mracihna, bilih kita sedaya taksih pinayungan ing berkahipun
Gusti Ingkang Maha Agung.
Adhik-adhik
mudha-mudhi ingkang kula tresnani. Kula minangka sesulih ing warga Mlathi
sanget rumaos suka bagya, awit adhik-adhik sampun kagungan tekad ingkang luhur,
inggih punika makempal wonten ing wadhah karang taruna Manunggal Kampung /
Dhusun Mlathi punika.
Ingkang
punika mratandhani bilih adhik-adhik klebet ing perangan pemudha-pemudhi
ingkang sadhar dhumateng makraning patunggilan utawi persatuan tuwin kesatuan.
Awit
saking punika, kula suwun mugi-mugi adhik-adhik tansaha ngindhahaken kadharing
patunggilan punika, kanthi pakaryan-pakaryan ingkang saged murakabi tumraping
alam pembangunan punika. Dhumateng adhik-adhik ingkang hanggadani kagunah
punapa kemawon, mugi saged nularaken kagunan punika dhumateng adhik-adhik
sanesipun, murih sadaya adhik-adhik mudha-mudhi ing ngriki sageda tambah
seserepan saha saged nyurung dhumateng kemanjenganipun pasinaon, satemah saged
nggayuh idham-idhamanipun kanthi gampil.
Satunggal
tuwin satunggalipun mugia tansah caos pepenget, mbok bilih wonten tindak
ingkang nalisir saking garising leres, supados sadayanipun tansah saged
lumampah ing garising kaleresan, saengga saged dados panutaning adhik-adhik
ingkang langkung.
Kula
kinten kirang wicaksana menawi atur kula kathah-kathah, pramila kula cekapi
semanten. Ing wasana wekdal kasumanggaaken dhumateng kadang pranata cara.
Akhirulkalam,
billahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum
warahmatullahi wa barakatuuh
3. Tuladha Tampi
Pasrah Penganten Kakung
Nuwun,
Winantu ing kawilujengan
Sunartan sinukataning panambrama,
Ibu miwah Bapak R. Rusna Wijaha, SH dalah Putri
Putra, dalasan Sanggyaning kulawarga, punapa dene para rawuh. Nuwun, tumanggap
pangandikanipun Bapak Drs. Imam Sarjana, ingkang anyulihi Ibu tuwin Bapak R.
Rusna Wijaya, SH, amasrahake penganten kakung, kaperanga kula matur, minangka
sesulihipun Ibu saha Bapak R.M. Suyanto Wiryatmoko, kula kadhawuhan tampi
pasrah penganten kakung.
Pramila, kaperanga amratelakaken bilih ing samangke
wanci pukul 10.00, penganten kakung kula tampi kanthi sae, andadosaken suka
bingahing manah saha rumangsa sami muji muja syukur konjuk ing Hyang Murbeng
Gesang.
Salajengipun penganten kakung badhe sarimbit kaliyan
penganten putri, Asih Sulastri dumungkap upacara candhakipun. Kula nyadhong
pangaksani bok bilih wonten kakirangan saha kaladuking panampi.
Nuwun.
4. Tuladha Pasrah Penganten Kakung
Nuwun,
Kasugengan
saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Mahaasih mugi kajiwa kasarira wonten ing
Panjenengan sadaya.
Kairing
sugunging pakurmatan,
Ibu saha
Bapak R.M. Suyanto Wiryatmoko, tuwin putra-putri, dalasan sagung kaluwarga,
miwah para rawuh.
Nuwun,
keparenga matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R. Rusna Wijaya, SH
sakaluwarga, kula kadhawuhan masrahaken penganten kakung, Adi Sumantri katur
Ibu saha Bapak R.M. Suyanto Wiryatmoko.
Wondene
kalampahanipun makaten : kala wau wanci pukul 09.45, penganten kakung kula
pendhet saking dalam Jl. Gomber Permai angka 21, kanthi kairing para sepuh,
kaluwarga, sanak kadang, mitra pitepangan, sawatawis, kula bekta sowan dumugi
ing dalem Jl. MT. Haryono angka 78 ngriki, kaliyan gangsar saha gancar.
Pramila,
ngembun sarta ngemban dhawuh wigatosing sedya, keparenga ing samangke penganten
kakung kula pasrahake tuwin kula sumanggaaken katur Bapak J. Soepardja, SH
ingkang anyulihi ibu dalah Bapak RM. Suyanto Wiryatmoko, cundhuk kaliyan
lampahing upacara. Wasana kula nyuwun pangaksami bok bilih anggen kula
nindakaken ayahan punika wonten ingkang kirang ndadosaken perenaning penggalih.
Nuwun
5. Medhar Sabda Bedane Penganten Gaya Yogya dan
Gaya Solo
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Para pinisepuh, para pangarsaning bebrayan ing kang
tuhu pantes kinabekten, para rawuh ibu-ibu, bapak-bapak ingkang kinurmatan.
Para sutresna budaya, saderengipun kula ngaturaken
bab adat upacara manten, kang kadadosanipun maneka warni, liripun boten sanes
amargi taksih sami ngugemi paugeran ingkang boten nilar subasita. Sarta amargi
sami sesambetan ing madyaning brayat agung. Ingkang sedaya mau tudhonipun boten
sanes anggenipun badhe kepengin ngluhuraken setunggal lan setunggalipun.
Sambet kaliyan punika wau, petang kula bilih siaran
RRI lajeng dados srana gerilya budaya, liripun jaman kamardikan dumugi sepriki
kados-kados kabudayan Jawi nember kalindhih kabudayan manca, ingkang
kados-kados lajeng cengkah kaliyan paugeran lan piwucal para pinisepuh.
Deni mligi kula pribadi ingkang kadhawuhan ngaturaken
boten ateges kula badhe ngguroni panjenengan sedaya. Awit sejatosipun ingkang kula
gadhahi pepindhanipun sak agenging kuku kemawon dereng wonten, punika estu,
namung kadereng kepengin ndherek tumut cawe-cawe murih lestaripun kabudayan
Jawi ingkang adihuluhung punika.
Mila panuwun kula, nyuwun para sutresna budaya sami
kersa paring atur pamanggih, pamrayogi, lan panyaruwe, murih warisan kabudayan
Jawi ingkang adiluhung, tumuli saged kumbul malih. Kepara saged dados srana
meper kabudayan manca ingkang laras kaliyan kabudayan Jawi.
Dene wanci punika kula badhe ngaturaken mligi bab
bedanipun upacara adat, ingkang badhe kagungan kersa mantu, mligi Ngayogyakarta
kaliyan Solo.
Dene kados ingkang kula aturaken ngajeng, tasih
kathah ingkang dereng dipundamel paugeran, ingkang sipatipun tasih mana suka,
kados contonipun :
1.
Nontoni
2.
Lamaran
3.
Asok tukon
4.
Srah-srahan
5.
Pasang tarub
6.
Bab busana kagem tiyang
sepuhipun lan busana pengombyong maten, buku tamu, pager ayu / bagus, among
tamu lan MC
Makaten sawantawis atur kula sumangga para sutresna
kersa nunggal kanthi paring pamanggih. Murih saged mbuka manah para kadang
sutresna budaya, mligi kang badhe kagungan kersa saged langkung terwaca.
Wasana, mbokbilih makaten rumiyin atur kula, kirang
saha langkungipun kula nyuwun pangaksami. Mugi Gusti Allah tansah paring
pitedah lan kekiyatan dhumateng kita sadaya satemah musyawarah punika lumampah
kanthi rancag lan ngasilaken keputusan ingkang paling sae.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar