a. Tuladha : wawan rembug nganggo PARIKAN
Bapak : Wis
mulih ta Man? Apa bubar gasik, lagi jam 11.00 kok wis tekan ngomah.
Tarman : Inggih
pak amargi sisik ulam sepat!
Bubar gasik pak guru rapat
Bapak : O ya,
memper nek ngono! Lha wong mangan kupat kok durung mateng. Nek
gurune rapat muride seneng
Tarman : Durung
mateng tetep di dhahar pak, murid seneng jalaran bibar
pak.
Bapak : Pancen
kowe seneng yen kerep bubar.
Ning bapak seneb merga
ajeg mbayar.
Tarman : Kupat Cina
disambel petis
Ngendi ana sekolah gratis
(Tarman mlebu omah karo mesam-mesem)
b. Tuladha : wawan rembug nganggo
WANGSALAN
Ibu : E,
kok njanur gunung dina jemuah kok wis mulih, saka Yogya jam pira
(KADINGAREN)
Ani : Inggih
Bu amargi dhompet kothong (ORA DUWE DHUWIT)
Ibu : Ya
wis kana nggodhong mlinjo (NGASO) dhisik
Ani : Nanging,
padharan taksih kroncongan (LUWE)
Ibu : Wah
cah ayu jebul wis pinter wangsalan ta?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar