Sarasehan
Sarasehan yaiku patemonan kanggo
ngrembug sawijining perkara kang dipandhegani dening para ahli
(guru besar,
pakar, lsp) wujude rembugan kang lumrahe diadani kanggo ngrembug perkara
sinambi ngudarasa apa kang dadi uneg-uneg ing batin. Menawa melu seminar becike
aktif takon lan aktif menehi tanggepan tumrap informasi sing gegandhengan karo
tema utawa judhule. Tujuwane kaanakake
sarasehan yaiku, kanggo nggayuh larasing panemu.
Ana babagan sing kudu digatekake menawa melu seminar, yaiku:
a. Ketrampilan
ngetrapake basa supaya pamireng bisa ngerteni
b. Mangerteni
informasi kang dipraktekake nara sumber
c. Menehi
informasi kang diandharake nara sumber
d. Aja
nglalekake tata krama basa, unggah-ungguh lan subasita
Mula yen ana forum sarasehan utawa dhiskusi, luwih becik nggunakake basa
kang baku, yaiku Basa Jawa kang lumrah lan umum.
Paraga/Petugas ing sarasehan :
1. Panglaras/
pangarsa pirembugan :
moderator
2. Panulis :
notulen
3. Panitera/
pawicara/ pangandhar materi :
pembicara
4. Para
kadang pasarta/ Anggota
Tugas-tugase
1. Panglaras :
sing mandhegani sakjroning seminar, ngadani wiwitan tekan purna
2. Panulis : sing nyatheti lakuning seminar, kalebu sapa sing takon , apa sing ditakokake, sing nanggepi lan sing
ditanggepi
3. Pawicara :
sing maca tulisan / makalah kanggo pembahasan
4. Anggota :
sing mbiyantu kabeh kalakone seminar nganti pungkasan amrihe bisa kelakon kanthi sukses lan lancar
Tuladha temane seminar :
1. Nyinau format ing silabus KBK
2. Mbrasta
nyamuk DB
3. Ningkatake
keamanan lingkungan
4. Carane
sinau kareben rangking 1, lsp
Sarasehan kanthi becik kudu
ngatekake :
1. Ruang seminar
2. Peserta
3. Moderator
4. Lumakune
seminar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar