Malem Selikuran
Salah sijine yaiku tradhisi kanggo nyambut malem Lailatul Qadar, yaiku
upacara kang ginelar saben malem-malem tanggal ganjil ing sepuluh dina
pungkasan ing sasi pasa. Masarakat Jawa ngarani iki minangka malem selikuran.
Ora amung Sultan Agung, para peneruse ya tansah ajeg ngeluri tradhisi
selikuran, sanajan Mataram wusanane sigar dadi loro, yaiku Kasunanan Surakarta
lan Kasultanan Ngayogyakarta.
Sawetara sumber pancen nyebutake tradhisi maleman utawa kang sinebut
malem selikuran wis kababar wiwit Sultan Agung jumeneng narpati ing Mataram.
Nanging ana maneh kang ngandharake manawa tradhisi malem selikuran kuwi wiwit
Sunan Kalijaga minangka wali ing tanah Jawa. Mangkono sabanjure nganti tumekane
ing Kraton Surakarta Hadiningrat nganti saiki.
Nanging tradhisi kasebut ngalami pasang surut ing antarane ganti
panguwasane nata ing Surakarta. Tradhisi
maleman kuwi wiwit ngrembaka gedhe nalika Kasunan ingkang jumeneng Sri Susuhunan Paku Buwono X. Nganti tumekane
saiki tradhisi maleman kalestarekake
kanthi becik sanajan ora mesthi kanthi arak-arakan gedhen”, piterange
Tundjung W. Sutirto, pandhemen budaya Jawa kang uga dhosen Ilmu Sejarah FSSR
UNS Solo, nalika disuwuni pamawas ngenani tradhisi malem selikuran.
Nanging miturut pamawas Tundjung, para kadang ing tanah Jawa ora cukup
ngleksanakake tradhisi maleman selikuran kang mung awujud upacara. Sawise kuwi,
ora prelu ngaya maneh ngalap berkah saka Kang Kuwasa sanadyan malem Lailatul
Qadar ginambarake kaya dene sewu wulan berkahe. Amarga, tradhisi maleman
selikuran kuwi nuladhani kahanan kang luhur kang kagelar minangka selikuran
kuwi mung sawatese upacara lan sawise kuwi terus nindakake bab-bab kang ora
bener dening agama lan budaya.
“Mula
kudu tumpenge utawa ting-ting hik (lampiyon) kang dadi ukurane regeng lan
ramene swasana, nanging pralambang kang kaandharake ing sajrone maleman
selikuran kuwi kang luwih utama dituladhani. Contone, ting-ting hik kuwi
minangka obor kang paring pepadhang kaya dene Islam karo kitab sucine Al-Qur’an
kang paring tuntunan murih umat antuk pepadhang ing uripe lan nalika akhirate”,
tandhese.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar