CERKAK
Cerkak yaiku wacan kang kalebu crita narasi lan
isine nyritakake prastawa kang dialami paraga kanthi urutan wektu tinamtu.
Titikane cerkak yaiku isine nyritakake, ana kedadeyan, ana paraga, lan ana wektu kedadeyan.
Unsur-unsur intrinsik cerkak :
1. Tema yaiku
saripatine kang diandharake utawa kang dicritakake
2.
Paraga utawa tokoh yaiku wong kang maragani
crita
Paraga ana telu
werna yaiku :
a. Paraga utama uatawa protagonis
b. Paraga mungsuh utawa antagonis
c. Paraga
tambahan uatawa tritagonis
3.
Watak yaiku watake paraga siji lan sijine ing sajroning crita
4.
Alur yaiku lakune cerita utawa urut-urutane cerita
Alur kagolongake dadi 3 :
a. Maju utawa progresif, yen anggone cerita saka kaanan saiki nganti
sateruse
b. Mundur utawa flashback, yen anggone cerita saka kaanan saiki terus
ngandharake kaanan sing kepungkur
c. Campuran
Ing alur
diandharake bab ngenalake para paraga, konflik/ prekarane para paraga lan
kepriye para paraga ngrampungake prakarane.
5.
Latar utawa setting yaiku perangan kang nerangake papan uatawa wektu kelakone
kedadeyan ing crita iku
6.
Sudut pandang (Point of View) yaiku kalungguhane pangripta ing sajroning crita
7.
Gaya bahasa utawa lelewaning basa (Majas) yaiku basa sing digunakake pangripta
ing sajroning cerita
8.
Amanat utawa pesan yaiku pesen sing arep di aturake dening pangripta marang
pamaos, utawa pesen apa sing sinandhi ing crita
iku.
Tuladha
:
Jaka Thole
Biyen ing Madura ana bocah lanang sing menjila,
jenenge Jaka Thole. Dheweke becik atine lan ora gumedhe. Jaka Thole nduweni
kekuwatan sing ngluwihi bocah-bocah sabarake.
Ing Kraton Majapahit Prabu Brawijaya kepingin yasa
kori gapura kraton kang kukuh. Sang Prabu ndawuhake kabeh pandhe besi supaya diklumpukake, banjur kadhawuhan gawe
kori gapura sing kukuh. Tukang pandhe sepirang-pirang Empu Keleng durung bisa
mujudake apa sing dikersake Sang Prabu.
Sauntara wektu ditunggu Empu Keleng ora ana kabare.
Jaka Thole nusul, ngambah alas nyebrang segara. Nuju leren ing sangisore wit
kang ayom Jaka Thole diparani sawijining wong tuwa. Wong tuwa mau nakoni apa
wigateni dene nganthi tekan papan iku. Jaka Thole ngandharake lelakone. Wong tuwa
mau malah banjur ngandhakake sapa sejatine Jaka Thole lan aweh sarana wujud
sagagang kembang. Kembang iku dikon mangan, dayane besuk bisa ngetokake patri
kanggo ngrampungake kori gapuraning Kraton Majapahit.
Tekan Kraton Majapahit Jaka Thole nggoleki wong
tuwane angkat ya Empu Keleng. Jaka Thole prasaja, anggone nusul kasurung rasa
kuatir marang kasametane Empu Keleng.
Ki Patih Majapahit bingung, dene kori wis rampung
nanging durung bisa nggandhengake perangan-perangane kori gapura. Jaka Thole
matur marang Ki Patih, saguh matri perang-peranganing kori supaya bisa
diedegake cipta. Ki Patih ing batin tidha-tidha marang kasaguhane Jaka Thole
kang wujude isi bocah.
Jaka Thole ngeningake cipta, dumadakan jumedhul patri
saka regemaning tangan. Jaka Thole banjut nggathukake perangan-perangan kori.
Kori gapura kang abote ora ilok-ilok banjur didegake wong-wong kang nonton
surak-surak gembira. Jaka Thole nampa bebungah emas lan peran saka sang Raja.
Bebungah iku banjur diaturake kabeh marang Empu Keleng lan garwane.
Sawise dewasa Jaka Thole bisa bali kumpul karo rama
ibune. Jaka Thole jumeneng raja ing Sumenep kanthi jejuluk Arya Kudanapole,
sanajan wis jumeneng raja nanging ora nglalekake marang Empu Keleng lan
garwane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar