Pawarta
Wong urip ing donya iki duwe butuh.
Saben dinane nindakake pagawean. Pagawean iku kanggo nyukupi butuhing urip.
Nalika ngaso, warna-warna kagiyatan kang dilakoni, tuladhane maca Koran,
ngrungokake radio, nonton tv, saliyane iku ana wong sing seneng golek pawarta
anyar. Pawarta iku bisa lumantar Koran, pawarta saka radhio lan pawarta saka TV.
Pawarta asipat informative,
isine ngabarake marang khalayak umum.
Supaya bisa
ngrungokake pawarta lan nanggapi pawarta kanthi bener kudu :
·
Mbudidaya milih pawarta kang
cocog karo sing diperlokake
·
Tansah ngrungokake pawarta kanthi
tlesih lan tliti
·
Nemokake isi bakune pawarta
·
Bisa mbedakake kanyatan lan
panemu
·
Bisa ngudal lan tumanggap marang
isine pawarta
Tuladha :
Terorisme Tetep Dadi Bebayaning Bangsa
Sawise bisa niwasake teroris gembong teoris
nomor siji. NOORDIN M. TOP ana ing panggrebegan tanggal 17 September 2009 ing
tlatah Jebres Sala. Sabanjure tanggal 9 Oktober 2009 kepungkus, Densus 88 POLRI
kasih maleh niwasake buron teroris loro kakang adhi yakuwi Syaifudin Zuhri lan
Mohammad Syahrir. Tiwase buron teoris mau mujudake prastawa panggrebegan kang
pantes diacungi jempol.
Pancel Hotel JW. Marriot lan Ritz Carlton ing tlatah
Kuningan, Jakarta tanggal 21 Juni 2009 kepengkur. Sadurunge kuwi Tim Densus 88
uga wis bisa nembak mati Ibrohim ing Temanggung, terus bisa mbongkar, gerakan
teroris ing Jatiasih, Bekasi. Yen ngono sakploke nembak mati Dr. Azahari ing
wulan Nopember 2005 ing tlatah Batu, Malang Jawa Wetan, nganti seprene kok ora
ana enteke. Mulane terorisme kaya ngono tetep ana selawase, jalaran ajarane
isih tetep diterusake dening kadher-kadher sing durung bisa kacekel. Terorisme
durung bisa sidhem total. Bebaya sing tansah ana lan aktif, senajan ora katon
ana ing masyarakat, kuwi diarani “Bebayan Laten”. Sakwayah-wayah bisa thukul
maneh lan gawe geger masyarakat sing wis tentrem iki. Mula bener piwelinge para
sesepuh. Yen jamane saya kisruh pancen kudu ngati-ati : Begja begjane kang
lalu, luwih begja kang eling lan waspada”. Kita kudu tansah eling marang kang
nitahake (Allah SWT) lan waspada marang pokale para titah (manungsa).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar