Crita
Pengalaman
Teori Crita Pengalaman ana 3 yaiku:
1. Teori Superioritas
Degradasi: wong rumangsa seneng lucu amarga diunggulake nanging ora jumbuh karo
kasunyatan.
-
Tuladha: crita jempol lan jenthik
2. Teori Bisosiasi: wong
rumangsa lucu sakwise ngrumangsani olehe ora gathuk antarane angen-angen karo
kasunyatan.
-
Tuladha: wong ditakoni nanging wangsulane geseh karo pitakone.
3. Teori Inhibisi:
sakmesthine yen rasa ora kepenak bisa kawetu utawa kalegan.
-
Tuladha: wong sedhih diwenehi crita lucu dadi seneng maneh banjur ora
sedhih.
Crita Pengalaman kaperang dadi 3, yaiku:
1. Crita Lucu: crita kang
njalari tansah kelingan merga lucu utawa ndadekakae ngguyu.
Tuladha:
Ana wong numpak angkot kang sajake
kesusu banget banjur mburu-mburu supire kon banter kaya angin. Penumpange takon
karo supir kok ora tekan-tekan garasi bis Rosalia Indah? Supire mangsuli,
sampun dumugi Peken Praci. Penumpange banjur mangsuli, ooooooo,,,,,, supir
bodho, lha wong arep tekan Jakarta numpak bis Rosalia Indah, kok malah tekan pasar.
Tegese bis Rosalia Indah tumuju Jakarta wis mangkat, penumpange malah tekan
pasar Praci ora tekan garasi bis.
2. Crita Bungah: crita kang
ndadekake wong dadi bungah.
Tuladha :
Juwara
Lomba Nggambar
“Bakat nggambarake Mia iji sajak nitis saka Eyang Kakunge”
kandhane Pak Kustono sing uga nduweni bakat nggambar, nanging ora dimanfaatake.
Kanggo ngipuk-ipuk lan ningkatake bakat nggambare
putrine, Pak Kustono kerep aweh pengarahan lan pembinaan. Kejaba iku putrine
uga kerep dielokke lomba nggambar lan mewarnai ing tahun 1996.
Senajan wis kasil mboyong sawatara juwara, nanging
Pak Kustana sing daleme ing Jl. Bawean Surabaya iki isih durung percaya lan
marem mirsani asil lukisan putrine. Yen ditandhingake karo asli gambarane
peserta liyane, gambarane Mia iki isih durung ana apa-apane”, pretelane Pak
Kustono ngasor.
“Nanging kok kerep mboyong juwara”, pandhesege PS.
Asil gambarane Mia sing nduweni bintang Gemini iki,
sak iki dipajang ing Mc. Donald Plaza Surabaya.
3. Crita Sedhih / Trenyuh:
crita kang ndadekake wong dadi sedhih utawa trenyuh.
Tuladha:
Wonten
rombongan “Pecinta Alam” sing ndaki gunung merbabu nanging nalika tekan ndhuwur
ana wong kang kesingsal kleru tujuwane. Para kanca padha kuwatir mbokmenawa
digoleki ora ketemu. Banjur wong-wong padha nggoleki nganti kurang luwih tekan
telung dina. Ketemu ing dhasar jurang wis dadi layon. Kabeh padha sedhih amarga
rumangsa kelangan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar