www.NyengkuyungJawa.blogspot.com

www.erjuz.blogspot.com



                                  GEGURITAN
                   Geguritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning jaman, saengga guritan saiki wis beda karo giritan jaman biyen, tegese wis mardika. Titikane guritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung kang pinilih, cacahe larik ora katemtokake, sajak pungkasane bebas mardika, ora nggunakake basa padinan, arang-arang nggunakake tembung pangiket, migunakake tembung kawi, isine mentes, lan migunakake purwakanthi basa, swara lan sastra.
§ Carane nulis geguritan yaiku nemtokake tema, milih tetembungan kang mentes, endah lan cekak, menehi irah-iarahan kang junbuh karo isine geguritan,
§  Titikane geguritan :
*      Ora kawengku ing pathokan
*      Migunakake tembung-tembung kang pinilih
*      Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
*      Isine mentes
§  Guritan iku dibedakake dadi 2, yaiku :
*      Guritan kuna
*      Guritan anyar/ geguritan
§   Dene guritan kuna nduwe pathokan :
*      Diwiwiti tembung sun gegurit
*      Cacahe wanda saben sagatra padha
*      Tibane swara ing pungkasan gatra runtut
§  Dene geguritan utawa guritan anyar nduweni pathokan :
*      Cacahe gatra tanpa wilangan
*      Cacahe wanda saben gatra uga bebas
*      Tibane swara uga ora digatekake
*      Mentingake pemilihane tembung kang mentes
*      Ora nganggo tembung sun gegurit

Tuladha :

Pitakon
Dening : Sudi Yatmana


Ana swara ing tanpa sangka
Ana tandha tanpa irama
He … manungsa
Kepriye anggonira padha
Jejer dadi pangarsa
Gubernur, bupati, lan walikutha
Apa dene
Camat lurah lan andhahane

Dene iki banjir bandhang
Wong bayi kewan tetanduran
Lan barang-barang
Kontit katut kabuncang
Bendungan bobol, kreteg bobol
Lemah longsor

Delengan githokmu dhewe
Ngiloa ing kaca gedhe kang rasa
Suwe
Banjur rungokna
Ana swara tanpa sangka
Nuli
Waspadakna
Ana tandha tanpa irama
Kepriye
Alam sawegung
Wis ngelingake

Tidak ada komentar: