Jenising Wayang
1. Wayang
Purwa / Wayang Kulit
Digawe saka kulit lembu, maesa,
sapi. Sumbering crita saka Mahabarata lan Ramayana kanthi basa jawa kuna ing
jaman raja Jayabaya. Kang ngripta wayang purwa yaiku Sunan Kalijaga.
2. Wayang
Golek / Wayang Tengul
Digawe saka kayu lan diklambeni
kaya manungsa. Sumbering crita saka sejarah, upamane: Untung Surapati, Sultan
Agung, Trunajaya, lsp. Crita wayang iki uga bias kajupuk saka dongeng Negara
Arab. Wayang Golek menawa pentas ora nganggo kelir utawa layar.
3. Wayang
Krucil / Wayang Klitik
Digawe saka kayu kang wujude padha
karo wayang kulit. Anggone nancepake ana ing kayu kang wis dibolongi. Wayang
iki nyritakake Damarwulan lan Majapait.
4. Wayang
Beber
Digawe saka kain utawa kulit lembu
kang wujude beberan (lembaran). Saben beberan nggambarake sakadegan, yen wis
rampung, beberan iku digulung maneh. Digawe ing jaman kerajaan Majapait. Asale
saka Pacitan lan Gunung Kidul.
5. Wayang
Gedog
Wujude meh padha karo wayang kulit.
Sumbering crita saka Jawa, upamane: Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp.
Wayang Gedog anane mung ing museum.
6. Wayang
Suluh
Wayang modern kang digawe saka
kulit wujude manungsa jaman saiki sandhangane kayata: rok, clana, klambi, lsp.
Ancase Wayang Suluh yaiku: menehi pencerah marang masarakat. Sumbering crita
saka perjuwangan rakyat Indonesia merangi penjajah.
7. Wayang
Titi
Sumbering crita saka Negara Cina
kang bisa ditingali ana ing kampung Cina utawa Klenteng.
8. Wayang
Madya
Karipta dening Mangkunegaran IV ing
wiwitan taun XVII. Sumbering crita saka crita Pandhawa sawise, kayata: Prabu
Parikesit.
9. Wayang
Wahyu / Wayang Bibel
Karipta dening Bruder Temotheos
kanggo nyiarake agama Katolik.
10. Wayang
Wong
Wayang kang diperagakake karong
wong lan ana tariane. Sumbering crita Ramayana lan Mahabarata.
11. Wayang
Potehi
Wujude boneka cilik-cilik kang
nyritakake jaman kraton Tar-Tar utawa Babad Cina.
12. Wayang
Menak
Digawe saka kayu kang persis kaya
wong. Critane dakwah Islam, upamane: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, Umarpadi.
13. Wayang
Jemblung
Digawe saka kayu kang persis kaya wong.
Critane babagan Cacad kaya kethoprak. Sumebar ing dhaerah pesisir lor Blora,
Cepu.
14. Wayang
Kancil / Wayang Dupara
Digawe saka lulang (kulit) kang
critane seri kancil.
15. Wayang
Dhongeng
Digawe saka dluwang (kertas) kang
digambar wayang wujud kewan-kewan sing nyritakake donyane kewan minangka sarana
refleksi saka donyane manungsa.
16. Wayang
Doa
Saka akronime dhongeng-dhongeng
anak. Sing dadi lakon wayange diwenehi sorban.
17. Wayang
Sadat
Nyritakake lakon agama Islam.
18. Wayang
Suket
Digawe saka suket menawa critane
kahanan saiki kanggo pitutur utawa kritik marang pamarentah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar