www.NyengkuyungJawa.blogspot.com

www.erjuz.blogspot.com



                 Wilujeng Rawuh         
           
            Nuwun,,,
          Blog punika ngewrat babagan ngelmu Basa Jawi kanthi prasaja kagem nyengkuyung kawruh para kadang, sutresna Basa Jawi supados mujudaken satunggaling gegayuhan kagem mbudidaya, ngudi, kawruh, memetri, ngleluri miwah nguri-uri Basa, Sastra, lan Budaya Jawi.
          Mangertosi kawruh Basa Jawi mboten ndadosaken badhe kuciwa amargi awit kathah sanget atur saha pitutur, wewarah saha wewaler, ingkang arupi sandhi, sasmita miwah pralambang ingkang kaserat ing tembang, parikan, sesanti, bebasan, saloka, ringgit purwa, sekar macapat, geguritan, lan ugi sanes-sanesipun. Pramila sedaya sasmita kalawau mugiya saged migunani kawedharan menawi kula lan panjenengan mengertosi sanadyan namung tetesing kawruh Basa Jawi.
          Sinaosa namung sakedhik ing kasedyan, sageda ngewrat ngelmu Basa, Sastra, lan Budaya Jawi ing alam bebrayan pagesangan kula lan panjenengan. Namung kabekta saking gregetipun penggalih, ingkang nggadhahi sedya ndherek pambiyantu ndamel mekaripun warisan leluhur ingkang trep, sarujuk, ngresemaken manah keranten sampun jumbuh kaliyan penggalihipun tiyang Jawi mliginipun lan sumrambah tiyang Nagari Indonesia.
          Pangimpun rumaos ingkang kadhapuk punika taksih kathah saking kasampurnan nanging caket kaliyan kakirangan, kalepatan, saha kajangkepan. Pramila mekaten, urun rembug sarta panyaruwe ingkang sae supados ndadosaken BLOG punika langkung prayogi tumuju kasampurnan ingkang saestu.
          Matur nuwun.

Katresnan ing Penggalih, 1 Juni 2015
Atur Sembah Sungkem Kula
Pandhapuk,

                                                                        
                                                                             erjuz


                      







Enget-enget:
Menawi wonten format seratan ingkang mboten trep, kula nyuwun agunging sih pangaksami keranten format Microsoft Word saha format Blogger (Website) bentenipun tebih sanget.