Watak Minulya Tiyang Jawi
1.
Sabar :
mboten gampil nesu, muring, srengen.
2.
Tresna :
welas asih ngeman dhumateng tiyang sanes.
3.
Welas :
kepengin nulungi.
4.
Asih :
raos remen lan nggadhahi kawigatosan dhumateng tiyang sanes.
5.
Loma :
remen nyukani kanthi lila legawa.
6.
Lila :
eklas nyukani tiyang sanes mboten ngajengaken pinwales.
7.
Nelangsa :
raos getun sasampunipun ninndakake keawonan banjur nyuwun ngapura kaliyan
Gusti.
8.
Narima :
mboten gadhah raos gela lan serik menawi nampi keawonan saking tiyang sanes.
9.
Narima ing
Pandum: mboten gadhah raos gela lan serik menawi nampi keawonan utawi
kanugrahan saking Gusti.
10.
Syukur : ngaturaken pamuji dhumateng
Gusti sasampunipun nampi kanugrahan utawi kabingahan saking Gusti.
11.
Matur Nuwun : ngaturaken bingah menawi sampun nampi
peparing saking sesami.
12.
Rukun : raos manunggal lan mboten
wonten pasulayan.
13.
Temen : mboten purun goroh utawi
mblenja ing janji.
14.
Mituhu : ngestokaken dhawuhipun
tiyang sepuh, guru, kyai, pengageng, lan Gusti.
15.
Jatmika : entheng kanthi tata krama.
16.
Andhap Asor : ngasoraken badanipun piyambak kagem
ngajeni tiyang sanes.
17.
Grapayak : sesrawungan kaliyan tiyang
sanes kanthi raos sumanak.
18.
Sumanak : sesrawungan kaliyan tiyang
sanes kados sesrawungan kaliyan sedherekipun piyambak.
19.
Akrab : sesrawungan ing rumaket
sanget.
20.
Gemi : nyimpen bandha kanthi
ngatos-atos lan mboten boros.
21.
Setiti : sadaya tindak-tanduk
kanthi ngatos-atos lan mboten sembrono supados mboten ndadosaken ruginipun
tiyang sanes.
22.
Ngati-ati : saderengipun tumindak kedah
dipunpenggalih awon saenipun.
23.
Nastiti : ngatos-atos sanget.
24.
Eling : tansah enget kaliyan
Gusti kanthi pitados sadaya tindak-tandukipun dipunpirsani dening Gusti.
25.
Nyebut : sawanci-wanci asring nyebat
asmanipun Gusti murih tansah cinaket.
26.
Pasrah : sadaya gesang lan
pejahipun dipunparingaken dhumateng Gusti kanthi panyuwunan mugi-mugi
pinaringan kamulyan donya lan akhirat.
27.
Ngibadah : manembah dhumateng Gusti wewaton
sarengat agami.
28.
Ngabekti : kurmat dhumateng tiyang sanes.
29.
Kurmat : ngajeni dhumateng sesami.
30.
Silaturahmi : ngraketaken raos tresna asih
dhumateng sesami.