Mantenan
A.
Pra
Mantenan
1.
Madik
: wong tuwa nggoleke jodho kanggo anak estrine.
Anggone nggolek
kudu nggatekake 3 perkara, yaiku :
a. Bibit : trah (keturuan), bisa fisik (ayu nggantheng, dhuwur cendhak, werna kulit, lemu
kuru, lsp) utawa dudu fisik (nduweni lelaran epilepsi, jantung, kangker, jiwa,
lsp).
b.
Bebet
: status sosial (priyayi utawa wong alit, pendhidhikan).
c.
Bobot
: kasugihan.
2.
Nontoni
: wong tuwa pehak estri mirsani calon mantune kanthi nglakoni pasrawungan kang
raket marang kekarone.
3.
Lamaran
: wong tuwa pehak calon kakung kanthi resmi nglamar pehak estri kang arep
didadekake garwane.
Anggone nglamar
kanthi nggawa ubarampe (piranti), kayata : emas, sandhangan, jajanan pasar,
dhuwit, lsp. Ancase ubarampe iki yaiku minangka tanggel jawabipun wong kakung
mbesuk omah-omah bisa menehi nafkah kulawarga.
Ing upacara iki uga dilakoni acara Liru Kalpika / Paningset /
Ditaleni (tuker ali-ali), ancase
supaya wong kang wis dilamar aja tresna maneh marang wong liya.
Ali-aline kang polos, aja ana permata lan
ora mbengkak-mbengkok, ancase menawa mbesuk
omah-omah dilakoni kanthi slamet, ora ana alangan lan yen ana perkara bisa gampang dirampungke kanthi becik.
Ali-ali
dilebokake ing tangan kiwa mligine ing driji manis.
4.
Nemtokake
Dina / Sasi
Dina / sasi
becik, upamane : ambal warsa, syawal, besar, mulud, bakda mulud, lsp.
Dina / sasi
ala, upamane : sedane kulawarga, sura, lsp.
5.
Kenduren
/ Kepungan
Ing omahe calon
penganten estri dilakoni kenduren / kepungan kanthi ancas nyuwun donga supaya
acara mantenan bisa dilakoni kanthi lancar ora ana alangan.
6.
Upacara
Masang Tarub ( Kurang Luwih H-3 / Gumantung Ingkang Kagungan Damel)
Dilakoni ing
omahe calon penganten estri kang dipasang ana ing tenda gapura lawang mlebu
para rawuh lan masang bleketepe (janur kuning) ing iring ndalan minangka
pituduh ana sing arep hajadan.
Kang dipasang kayata
: bleketepe, gedhang raja, cengkir gadhing, tebu wulung (werna ungu), ron
(ringin, alang-alang, kemuning, girang, kara, kluwih, maja), lsp.
Iku kabeh ana
tegese miturut Kerata Basa :
a.
Janur
Kuning
Janur : sejane nur (ngarep-arep nur)
Kuning :
kasenengan
Janur kuning tegese wong kang duwe gawe ngarep-arep kasenengan.
b.
Cengkir
: kenceng ing pikir
Wong omah-omah
pikirane wis diwasa siyap nglakoni urip bebrayanlan tanggel jawab.
c.
Tebu
: mantep ing kalbu
Mantep kalbu /
ati kanggo milih wong kang ditresnani sing dadi garwane.
d.
Gedhang
Raja : wong dadi manten dianggep dadi raja lan ratu sedina.
e.
Ron
(dipilih kang oyode kuwat) : anggone omah-omah bisa awet tekan tuwa.
f.
Tarub
: ditata katon murub
Omah sing duwe gawe dironce supaya
menawa ana sing rawuh katon pantes panggonane dirawuhi wong akeh lan kanngo
srana nambahi panggonan.
7.
Upacara
Adang Sepisan : dilakoni ing omahe calom penganten estri, kanthi cara wong
tuwane calon penganten estri nggladhi calon penganten estri (anake) carane
adang sega. Wiwit ngurupake geni, masang dandang lan kukusan, mususi beras
nganti nglebokake beras ing kukusan lan ditutup ngganggo kekep.
Ancase Upacara Adang
Sepisan : supaya mbesuk anggone omah-omah bisa ngliwet lan masak kanggo kulawarga
B.
Mantenan
(Kurang Luwih H-1)
1.
Siraman
: ngedusi calon penganten kakung lan estri kang dilakoni ing omahe calon
penganten estri. Wong kang nyiram yaiku wong tuwa utawa sesepuh.
Banyu siraman
diwenehi Sekar Setaman (Kembang 7 Rupa), kayata : mawar, melati, kanthil,
kenanga, melati gambir, sedhap malam, cempaka putih.
Banyu siraman
biyasane uga diwenehi 2 cengkir gadhing kang wis digambar / diukir wayang
Kamajaya lan Kamaratih, ancase yaiku supaya mbesuk anggone omah-omah bisa dadi
kulawarga sakinah, mawadah, warahmah kaya kulawargane Kamajaya lan Kamaratih.
Cedhok
nyiram biyasane saka bathok klapa lan gagange saka pring.
Ancase Siraman : ngresiki
lair lan bathin amarga arep miwiti urip omah-omah.
2.
Kerik
Rikma : nyukur rambut calon penganten kakung lan estri.
Ancase yaiku kanggo
ngresiki lair lan batin (buwang sukerta).
3.
Suapan
Pungkasan : wong tuwa calon penganten estri ndulang / nafkahi kang pungkasan
marang calon penganten estri amarga mbesuk menawa omah-omah arep dinafkahi karo
garwane
4.
Dodol
Dhawet : wong tuwa calon penganten estri dodolan dhawet.
Wondene
anggone dodolan dhawet bapak ngadeg ngasta songsong (payung) lan ibu lenggah
ngladosi para rawuh, dene para rawuh mundhut dhawet nganggo dhuwit kreweng
(pecahan gendheng).
Dhawet minangka omben-omben
tradhisiyonal tiyang jawi.
Ancase Dodolan Dhawet : mbesuk yen omah-omah wong kakung lan estri
bisa nyambut gawe bebarengan kanggo nyukupi kabutuhan
kulawarga.
5. Midodareni
: calon penganten estri dipingit ing njero kamar ing wayah wengi awit jam 18.00
– 24.00 sakdurunge Upacara temu Panggih lan ora kena turu uga ora kena
dikancani karo wong liya, kajaba wong tuwane kang oleh tilik.
Ancase Midodareni : supaya calon penganten estri ing Upacara Temu
Panggih ayu banget kaya widodari.
Mitos Midodareni
Jaka Tarub duwe bojo Dewi Nawang Wulan
kang ora bisa mulih ing kahyangan jalaran
selendhange diumpetke karo Jaka Tarub. Nalika Dewi Nawang Wulan mbukak tutup dhandhang, dheweke nemokake
selendhang lan banjur mulih tumuju
kahyangan ninggalke Jaka Tarub (bojone) lan Dewi Nawangsih (anake). Dewi Nawang Wulan wis janji bakale mudhun
maneh ing ngarcapada menawa mbesuk Dewi Nawangsih
dadi manten lan arep ngrasuk ing awake supaya ayu kaya ibune (Dewi Nawang Wulan).
Ing
upacara Midodareni dilakoni Panebusan Kembar Mayang (Sekar Adi Mancawarna utawa Kalpatau Dewadaru Jayadaru). Prosesi
iki ana 2 paraga, yaiku wong kang duwe jejibahan
nggolek kembar mayang (Kyai Saraya Jati) lan wong kang nunggoni kembar mayang (Kyai Wasita Jati). Wong 2 iki
nindakake pirembugan babagan kembar mayang,
kayata sarat-sarat kanggo njupuk kembar mayang, yaiku kudu resik lair batin lan uga manpangate kembar mayang, yaiku
penganten kuwat lair batin kanggo ngadhepi urip,
urip bisa ayem tentrem bungah, gampang golek kabutuhan urip, mantep cipta rasa karsa lsp.
Mitos Kembar Mayang / Sekar Adi Mancawarna /
Kalpataru Dewadaru Jayadaru
Kahyangan Jonggring Saloka ana perkara
amarga satriya utama ing donya nembe rampung
tapa brata marang Dewa. Ing Bale Marcukundhamanik, Sang Hyang Jagad Giri Nata ngutus widodari cacah 7 kang
manggon ing Hari Bawana supaya ngronce Sekar
Adi Mancawarna kang lumrah sinebut Kembar Mayang. Widodari iku jenenge : Prabasini, Irim-irim, Tanjung Biru,
Gagar Mayang, Warsiki, Lengleng Sari, Lengleng Mandanu.
Para widodari iku mudhun ing donya maringi kanugrahan marang satriya utama kang wis akeh lelabuhane tumrap
para Dewa. Kanugrahan iku awujud Kembar Mayang
/ Sekar Adi Mancawarna / Kalpataru Dewadaru Jayadaru.
6.
Nyantrik
: calon penganten kakung lan kulawargane teka ing daleme calon penganten estri
kanthi ancas calon penganten kakung nampa wejangan kanggo sangu ngadhepi urip
omah-omah saka mertuwane, pehak kulawarga padha pitepangan, wong tuwa calon
penganten estri maringi busana sing arep dianggo ing Upacara Temu Panggih
marang calon penganten kakung.
7.
Nyantri
: wong tuwa calon penganten estri maringi ageman marang calon penganten kakung
sing arep dianggo ing acara Ijab Qabul
8.
Ijab
Qabul : dilakoni miturut agama lan kapitayane dhewe-dhewe.
C.
Upacara
Temu Panggih / Pahargyan / Resepsi
Ing upacara iki
masang Penjor kanthi ancas supaya dadi kulawarga sakinah, mawadah, warahmah,
ora ana sambekala, kabeh gegayuhan bakal kelakon.
1.
Silih
Kembar Mayang : silih (ngganti), kembar (padha), mayang (kembang wit jambe,
merga wis arang diganti janur kuning).
Ing rombongan
penganten estri lan kakung, ana wong kang diwenehi jejibahan nggawa kembar
mayang banjur padha tuker-tukeran. Sawise tukeran, kembar mayang iku dibuwang
ing marga catur (prapatan dalan) utawa dilarung ing segara / kali, kanthi ancas
kanggo mbuwang sukerta.
& Ancase Kembar Mayang : kulawargane bisa langgeng, mantenan
ditindakake sepisan selawase urip, mantenan dilakoni kanthi
adhedhasar tresna lan welas asih, kalis ing sambekala
2.
Sawatan
Gantalan : penganten kakung lan estri padha balang-balangan suruh kanthi adohe
kurang luwih 2-3 meter.
Sawatan tegese
mbalang, Gantalan tegese godhong suruh sing ditaleni benang lawe (benang sing
wernane putih).
Kabeh iku ana ancase,
kayata :
Mbalang : ngilangake sukerta
lan minangka pitepangan penganten estri lan kakung.
Suruh (kesusu weruh) : penganten estri lan kakung padha-padha
kepengin mangerteni lair batin supaya bisa mbangun kulawarga kang ayem tentrem.
Ditaleni : pasrawungan estri lan kakung wis ditaleni kanthi nikah
kang sah miturut Agama lan Negara.
Benang Lawe (werna putih) : pasrawungan estri lan kakung kanthi
lelandhesan rasa tresna lan welas asih kang suci.
Anggone mbalang luwih becik
ngenani 3 panggonan, yaiku :
Sirah : wong estri lan kakung padha bebarengan mimpin kulawarga.
Dhadha (ati) : padha-padha nduweni rasa tresna lan welas asih.
Planangan / Pawestrenan : padha-padha kepengin tumindak saresmi
supaya enggal diparingi putra.
3.
Wijidadi
: penganten kakung nguculake sandhal sikil tengen banjur midek endhog pitik
nganti pecah. Penganten estri ndhondhok banjur ngresiki sikile penganten kakung
ngganggo kembang setaman.
Ancase
Wijidadi yaiku :
Midek endhog : mecahake pamor merga yen wis duwe bojo pamore kudu
diilangake supaya estri lan kakung ora
ewuh pekewuh tumindak saresmi sahingga enggal duwe putra.
Penganten estri ngresiki sikil penganten kakung : minangka wujud
tandha bekti wong estri marang wong kakung
4. Jumenengan
: penganten kakung ngajak ngadeg penganten estri sawise ngresiki sikile
penganten kakung banjur siyap-siyap tumuju Sasana Pahargyan (Pelaminan), dene penganten
kakung sisih tengen lan penganten estri sisih kiwa.
Ancase Jumenengan : wong
kakung lan estri padha bebarengan anggone mbangun kulawarga ngrumangsa padha-padha seneng
rekasa.
5.
Sinduran
: penganten estri lan kakung diselimutake kain sindur kang dicekel ing ngarepe
karo bapake penganten estri digawa tumuju sasana pahargyan, dene ibune
penganten ing mburi penganten sinambi nyekeli pundhake penganten kekarone,
ditutake karo putri dhomas (putri kang ccahe 800) lan rombongan liyane.
Kain
sindur wernane abang (estri) lan putih (kakung), tegese yaiku : wong estri lan kakung bisa nyawiji anggone ngadhepi urip
kulawarga.
Ancase Sinduran : wong tuwa
nggulawenthah anake sing arep mbangun kulawwarga
6. Pangkon
Timbang : wis tekan sasana pahargyan, bapake penganten estri lenggah ing sasana
pahargyan banjur mangku penganten kakung (sisih tengen) lan penganten estri
(sisih kiwa). Menawa ibu penganten estri, mundhut pirsa karo bapake : “Pak,
putra mantu lan putrane dhewe abot sing endi?” Bapake maringi wangsulan :
“abote padha kabeh”.
Ancase Pangkon Timbang :
wong tuwa ora mbedakake tresna lan welas asihe marang anake dhewe utawa
marang anak mantu, kabeh dianggep padha
7. Tanem
Jero : bapake penganten estri nyekeli pundhak penganten kekarone banjur
nglungguhake penganten kekarone bebarengan.
Ancase Tanem Jero : wong
tuwa maringi donga pangestu marang penganten kekarone.
8. Kacar
Kucur : penganten kakung menehi beras lan dhuwit receh marang penganten estri
kang diwadhahi karo kain.
Ancase Kacar Kucur : wong
kakung bisa menehi nafkah marang kulawargane, dene wong estri bisa
nampani lan njaga bandha kang wis diwenehake kanggo nyukupi kabutuhan kulawarga.
9. Dhahar
Walimahan : penganten estri lan kakung padha dulang-dulangan nganggo sega punar
(sega kuning) lan ombenane banyu putih biyasa utawa wedang teh.
Anggone
dulang-dulangan luwih becik aja ngganggo sendhok supaya bisa luwih ngrasakake
rasa tresna lan welas asih kekarone.
Ancase Dhahar Walimahan :
nuwuhake rasa tresna, welas asih, sapadha-padha, tulung- tinulung, adhem ayem.
10.
Pangabekten
: penganten estri lan kakung padha sungkeman marang wong tuwane kanthi nyopot
sandhal lan tumrap penganten kakung nguculake keris. Amarga keris minangka
sasmita rasa agung (gengsi), mula ing ngarepe wong tuwa, anak ora oleh mamerake
kaluwihane lan kudu lembah manah uga
ngasorake awake ing ngarepe wong tuwa.
Ancase
Pangabekten : nyuwun pangapura lan nyuwun donga pangestu muga-muga anggone urip kulawarga bisa dilakoni kanthi
becik lan ora ana sambekala.
UPACARA LANGKAHAN, UPACARA BUBAK KAWAH, lan UPACARA TUMPLAK PUNJEN
A.
Upacara
Langkahan : upacara manten lang dilakoni menawa adhine nglangkahi mantenan luwih
dhisik) sedulur tuwa (mbakyu, kakang).
Tata carane yaiku :
1. penganten estri ngaturaken sembah sungkem tumrap mbakyu / kakang.
2. Mbakyu/kakang lan adhine ngaturake sembah
sungkem marang wong tuwane.
3. Mbakyu/kakang nampa teken (saka tebu wulung
/ werna ireng) saka bapake.
4. Mbakyu/kakang nggawa adhine karo tebu
wulung ngubengi tumpeng gundhul (tumprap kang
durung diwenehi ubarampe apa wae/sega putih
tegese wong kang arep dadi manten duweni ati kang
resik) kaping 7.
5. Adhine menehi tali asih (kado/souvenir/cinderamata) marang mbakyu/kakange.
Ancasipun Upacara Langkahan
:
Nyuwun donga pangestu marang wong tuwa, mbakyu / kakang, marga arep
ndhisiki anggone mantenan.
Wujud kaluhuran atine mbakyu / kakang amarga nglilani arep
didhisiki manten marang adhine.
Nuwuhake rasa tresna lan welas asih sapadha-padha kulawarga.
B. Upacara Bubak Kawah : upacara manten kang dilakoni
kang kaping sepisan (kaping sepisan ora kudu putra sing sepisan, nanging
kang ragil uga bisa).
Tata carane yaiku :
Wong kang diwenehi jejibahan njlentrehake tegese Bubak Kawah,
banjur mbagi piranti dhapur marang para rawuh.
Sakliyane iku uga ana wong kang nggawa piranti dhapur, banjur
kanggo rebutan para rawuh (Rampogan).
Ancasipun Upacara Bubak Kawah :
Rasa syukur marang Gusti amarga arep miwiti mantenan.
Kekarepan muga-muga penganten enggal diwenehi putra.
C. Upacara Tumplak Punjen : upacara manten
kang dilakoni nalika pungkasan (ora dudu putra
ragil).
Tata Carane yaiku :
Wong
kang diwenehi jejibahan nggawa punjen (wadhah jamu) kang isine racikan jamu,
dhuwit receh, banjur ditumplake ing panggonan kanggo tali asih (souvenir / kado /
cinderamata marang para rawuh).
Ancasipun Upacara Tumplak
Punjen :
Rasa syukur marang Gusti amarga sampun ngrampungaken
tanggeljawabipun ndadosaken putra manten sadaya.
Minangka rasa tresna lan welas asih wong tuwa marang putrane.
Kekarepan wong tuwa supaya putrane bisa urip kanthi mapan lan sarwa
kacukupan.
SIMBOLISME PERKAWINAN
1.
Kawin
Gantung : kawin kang wis resmi nanging durung bisa urip bebarengan amarga
kahanan (umur, isih sekolah, durung nyambut gawe, lsp).
Kuwatire menawa urip bebarengan durung bisa
ngumpani (menehi nafkah) marang kulawarga.
2.
Kawin
Keris : kawin kang ora bisa ditekani manten kakung amarga kahanan (nindakake
jejibahan negara, lara, lsp).
Keris minangka sasmitaning wong kakung.
3.
Kawin
ing Ngarep Peti Jenazah : kawin kang dilakoni ing ngarep peti jenazah wong tuwa
amarga ndilalahe wong tuwa seda.
Amarga kahanan mangkono iku, Upacara Temu
Panggih dilakoni liya dina.
4.
Kawin
Sega : kawin kang dilakoni kanthi prasaja (mung Kenduren) lan ora nglakoni
Upacara Temu Panggih amarga kahanan ekonomi kang ora nyengkuyung.
Sega : panganan kang utama lan prasaja
nanging wis gawe wareg.
5. Kawin
karo Bahu Laweyan : kawin karo wong lanang / wadon kang bola-bali ditinggal
seda garwane.
6.
Kawin
Ngarangwulu : kawin karo adhine garwane amarga garwane wis seda (Turun
Ranjang).