www.NyengkuyungJawa.blogspot.com

www.erjuz.blogspot.com



Wangsalan

Wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman (bedhekan) dene batangane (isine) kesrapat ing kono.
1.      Wangsalan Lamba: batangane mung siji.
      Tuladha:
      Pindhang lulang, kacek apa aku karo kowe. (pindhang lulang = krecek)
2.      Wangsalan Rangkep (Camboran): batangane luwih saka siji.
      Tuladha:
       Apuranta, yen wonten lepat kula. (apu = sepat)
3.      Wangsalan Memet: batangane digoleki kanthi ngonceki tembung dibaleni ping       pindho.
      Tuladha:
      Uler kambang, yen trima alon-alonan. (uler kambang = mlakune alon)
4.      Wangsalan Padinan: batangane bisa disebut utawa ora merga wong-wong wis        padha ngerti karepe.
      Tuladha:
      Wong kae sakjane krungu kandhaku, nanging njangan gori. (njangan gori =           gudheg = tegese budheg).
5.      Wangsalan mawa Paugeran
-          Paugeran 4 wanda + 8 wanda = reca kayu, goleka kawruh rahayu.
 (reca kayu = golek).
-          Lan paugeran liyane.
6.      Wangsalan ing Tembang
      Tuladha:
      Ing tembang sinom: edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam       wutah balabaran, geni mati muring-muring, prembejan mrebes mili,gawangan        sinendang putung, ja talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis             kudu dadi pocapan. (petis manis = kecap)



Tuladha wangsalan:
1.   Jenang gula, kowe aja lali. (jenang gula = glali)
2.   Mbalung janur, gelema paring usada (balung janur = sada)
3.   Roning mlinjo, yen sayah nyuwun ngaso. (ron mlijo = so)
4.   Klapa mudha, yen kelegan paring pangapura. (klapa mudha = degan)
5.   Sekar aren, sampun dangu boten kepanggih. (sekar aren = dangu)
     

Tidak ada komentar: