Kaya Apa
1.
Abang
kaya: dubang.
2.
Abot
kaya: watu.
3.
Adhem
kaya: es.
4.
Alon
kaya: keyong.
5.
Alus
kaya: sutra.
6.
Anteng
kaya: penganten.
7.
Antep
kaya: wesi.
8.
Anyep
kaya: gedebog.
9.
Arum
kaya: embang kenanga.
10.
Asin
kaya: uyah.
11.
Atos
kaya: wesi.
12.
Banter
kaya: kilat.
13.
Bening
kaya: kaca.
14.
Bodho kaya: kebo.
15.
Bunder
kaya: neker.
16.
Cenanangan
kaya: maling konangan.
17.
Cumlorot
kaya: ndaru.
18.
Dhuwur
kaya: othak-athik mega.
19.
Ndleming kaya: wong edan.
20.
Ndomblong kaya: sapi ompong.
21.
Empuk
kaya: godir.
22.
Entheng
kaya: kapas.
23.
Galak
kaya: buta.
24.
Gilap
kaya: emas.
25.
Gumebyar
kaya: prada binabar.
26.
Gurih
kaya: kacang, santen.
27.
Ireng
kaya: angus, silit kwali.
28.
Kaku kaya: alu, pikulan.
29.
Kasap
kaya: rempelas, godhong jati.
30.
Kecut
kaya: asem.
31.
Kedhep
kaya: lintang.
32.
Landhep kaya: ladhing panyukuran.
33.
Legi
kaya: gula, madu.
34.
Lemu
kaya: babi, gundhik.
35.
Lunyu
kaya: welut.
36.
Mbrengengeng
kaya: tawon.
37.
Mencorong
kaya: rembulan.
38.
Mrongos
kaya: buta cakil.
39.
Nglentrih
kaya: rembulan karainan.
40.
Ngleler
kaya: cacing.
41.
Nglemer
kaya: semut.
42.
Nyenyet
kaya: kuburan.
43.
Nyengit
kaya: dhemit.
44.
Padhang
kaya: rina.
45.
Pait
kaya: bratawali.
46.
Panas
kaya: geni.
47.
Peteng
kaya: kuburan.
48.
Pliket
kaya: pulut.
49.
Plonga-plongo
kaya: kebo.
50.
Polahe
kaya: pinjal
rijal.
51.
Putih kaya: kapuk.
52.
Rebutan
kaya: kethek.
53.
Rikat
kaya: angin.
54.
Rindhik
kaya: semut.
55.
Swarane
kaya: bledheg.
56.
Tepunge
kaya: sedulur.
57.
Tepunge
kaya: kalis banyu karo lenga.
58.
Tindake
kaya: Raden Janaka.
59.
Turune
kaya: kepati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar