www.NyengkuyungJawa.blogspot.com

www.erjuz.blogspot.com



Jeneng Wong

1.      Jaka                             : bocah lanang sing wis diwasa nanging durung rabi.
2.      Jaka Jebug                   : jaka sing wis tuwa durung rabi.
3.      Dhudha                       : wong lanang sing wis ora duwe bojo.
4.      Dhudha Kembang       : dhudha enom durung duwe anak.
5.      Dhudha Kawuk          : dhudha sing wis tuwa.
6.      Dhudha Bangsong      : dhudha mlarat anake akeh.
7.      Dhudha Kalung          : dhudha duwe anak wadon sing bisa ngopeni.
8.      Kaki-kaki                    : wong lanang sing wis tuwa banget.
9.      Prawan                        : bocah wadon sing wis diwasa nanging durung rabi.
10.  Prawan Sunthi             : prawan kencur (prawan cilik).
11.  Prawan Gendhor / Kasep: prawn sing wis tuwa durung rabi.
12.  Randha                        : wong wadon sing wis ora duwe bojo.
13.  Randha Tanggung       : randha sing isih enom.
14.  Randha Kembang / Wulanjar: randha enom durung duwe anak.
15.  Randha Kisi                : randha sing duwe anak lanang.
16.  Randha Kasihan          : randha mlarat anake akeh.
17.  Randha Keringan        : randha sugih bandha.
18.  Randha Menter           : randha sing panganggone sarwa apik.
19.  Nini-nini                     : wong wadon sing wis tuwa banget.
20.  Nyai / Nyi                   : wong wadon sing diajeni.

Tidak ada komentar: