www.NyengkuyungJawa.blogspot.com

www.erjuz.blogspot.com



 Purwakanthi

Purwakanthi yaiku mbaleni swara kang runtut
1.      Purwakanthi Guru Swara: mbaleni aksara swara a, i, u, e, utawa o.
      Tuladha:
-          Ana awan, ana pangan
-          Ana bungah, ana susah, iku lumrah
-          Becik ketitik, ala ketara
-          Desa mawa cara, negara mawa tata
-          Inggah-inggih nanging ora kepanggih
-          Adigang, adigung, adiguna
2.      Purwakanthi Guru Sastra: mbaleni aksara konsonan.
      Tuladha:
-          Tata tertib tartamtu tentrem
-          Taberi nastiti lan ngati-ati
-          Bobot, bibit, bebet
-          Katula-tula ketali
-          Laras, lurus, leres, laris
-          Sing weweh bakal wuwuh
3.      Purwakanthi Lumaksita: mbaleni tembung sing padha.
      Tuladha:
-          Asung bekti, bektine karo Sing Kuwasa
-          Mangan ati, atine sing kelara-lara
-          Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
-          Rujak degan, degane krambil ijo

Tidak ada komentar: