www.NyengkuyungJawa.blogspot.com

www.erjuz.blogspot.com



      Tembung Rangkep

Yaiku tembung kang dianggo bareng sarana ngrangkep tembung lingga, kayata:
1. Dwi Lingga Padha Swara (Wantah): sing dirangkep tembung linggane tanpa ana owah-     owahan.
    Tuladha: ibu-ibu, bocah-bocah, akeh-akeh, lunga-lunga, lsp.
2. Dwi Lingga Salin Swara: sing dirangkep linggane nanging ana sing diganti.
     Tuladha: mloya-mlayu, mloka-mlaku, bola-bali, mrana-mrene, wira-wiri, lsp.
3. Dwi Purwa: sing dirangkep wanda ngarep.
    Tuladha: leluhur, sesepuh, lelayu, rereget, gegandhengan, lsp.
4. Dwi Wasana: sing dirangkep wanda mburine.
    Tuladha: cengingisan, cengengesan, cekikikan, jelalatan, lsp.
5. Dwi Lingga Semu: dirangkep utawa ora dirangkep tegese beda.
     Tuladha: alun-alun, kura-kura, kupu-kupu, ula-ula, lsp.

Tidak ada komentar: