Jenising Ukara
1.
Ukara
Carita: nyritakake utawa ngandhakake sawijining bab, kedadeyan, kahanan marang
wong liya.
-
Saben
wulan Mulud ing Yogyakarta mesthi ana sekaten.
-
Ing
ndalan akeh banget ana kacilakaan.
-
Yen
kadeleng saka Gedhong Sanga, Rawa Pening pancen katon apik.
2.
Ukara Pakon:
mrentah supaya wong liya nindakake sawijining pakaryan.
a. Pakon Lumrah:
§ Awas sing ngati-ati!
§ Wis enggal digarap.
§ Cepet ngumpeta.
§ Ndang panganen.
b. Pakon Pamenging:
§ Kowe ora kena dolan yen durung sinau.
§ Bocah sekolah ora pareng ngrokok.
§ Aja rame-rame simbah lagi sare.
§ Aja mangan ing ngarep lawang.
c. Pakon Pangajak:
§ Awake dhewe saiki leren dhisik.
§ Yen kepengin makmur, kowe kudu jujur.
§ Ayo padha mampir nggonku dhisik.
d. Pakon Panantang:
§ Yen pancen kendel, bocahe kon turu ing kuburan.
§ Antemen yen pancen kowe wani.
§ Cabuten tulisan kuwi yen kowe pengin dikamplengi wong.
e. Pakon Paminta:
§ Dhik, tulung cendhelane ditutup wae.
§ Adhimu kae mbok diwarai nulis aksara jawa.
§ Jupukna buku kuwi.
3.
Ukara Pitakon:
surasane awujud pitakon.
a. Pitakon Lumrah:
§ Kok rame-rame iki ana apa?
§ Saiki wis jam pira?
§ Omahmu ing ngendi?
§ Apa tegese paramasastra?
b. Pitakon Retoris (ora mbutuhake wangsulan):
§ Sapa sing kepengin ora munggah kelas?
§ Sapa sing kepengin urip mlarat?
§ Iki ta daleme Pak Teguh?
c. Pitakon Paminta:
§ Yen leren dhisik piye?
§ Kados pundi menawi panjenengan tindak rumiyin?
§ Kowe mathuk ora yen awake dhewe saiki besanan wae?
4.
Ukara Sambawa:
ukara kang surasane pangarep-arep, saupama, sanadyan.
a. Pangarep-arep:
§ Panasa supaya klambiku garing.
§ Udana sing deres ben sawahku ora garing.
b. Saupama:
§ Mrenea awit mbiyen kowe ora kapiran.
§ Sugiha dhuwit aku wis gawe omah.
c. Sanadyan:
§ Diwenehi klambi apik ya ora tau dianggo.
§ Ditangisi sedina sewengi, wong mati ora urip maneh.
§ Dikandhani ping bola-bali ya ra tau nggugu.
-
Sesuk
awan aku arep ngepek degan.
-
Kareben
munnggah sekolah, sinau sing temenan.
-
Tinimbang
ndomblong, ngresiki mburi omah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar